Kuratorial, Ngilmu Kanggo Nemthokake Tangguh Keris

 

salah sijine pameran keris kang di leksanakake ana ing pagelaran keraton surakarta/ Foto : Dharma Kanda


Tosan Aji – Keris minangka karya adiluhung cipta budaya Nusantara sing wis diakoni dening badan pelestari donya (UNESCO) minangka salah sijine warisan budaya donya asal Indonesia sing wajib dilestariake.

Proses ndaftarake keris menyang UNESCO pancen ora gampang. Akeh syarat sing kudu dijangkepi para pandemen keris Nusantara, salah sijine yaiku anane pasinaon keris ing ranah akademis. Syarat kasebut banjur diwujudake ana ing Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta, siji-sijine kampus kang  nduweni Program Studi Perkerisan lan Senjata Tradisional Terapan (D4).

"Akeh pasinaon ngenani babagan keris lan sapanunggalane ing ISI Surakarta. Salah sijine yaiku ilmu kuratorial adhedhasar mutrani utawa ngeblak keris kanggo mangerteni tangguhe," ujare Kuntadi W. Darmaja saka ISI Surakarta.

Dheweke ngandharake, ilmu kuratorial kasebut ilmu kurasi karya agung ngenani tangguh keris Nusantara adedasar saka karya karya kang wis ana.

Pasinaon iki bisa dileksanakake kanthi cara paneliten, diskusi, lan pameran.

Di pilihe keris tangguh Mataram kanggo paneliten ana ing pameran kuratorial keris, jalaran ana ing jamane Mataram Islam, keris ngancik munggah ana puncak kejayaan.

Yen kabandingake klawan keris tangguh Majapahit utawa Pajajaran, keris tangguh Mataram pancen luwih angel dikurasi. Amarga keris tangguh Mataram luwih akeh disimpen dening para kolektor, saengga ora gampang kanggo pasinaon masyarakat umum.

Kajaba kanggo pasinaon mahasiswa ISI Surakarta, pameran keris tangguh Mataram uga bisa dadi wahana pasinaon  masyarakat umum.

Liwat pameran lan diskusi, mahasiswa diajab bisa luwih ngerteni akurasi tangguh, ditambah  penerapan konservasi lan inovasi kang ana ing internal kampus. Para mahasiswa bisa mangerteni panyandra tangguh keris adhedhasar akademis.

Kuntadi mrihatinake minat generasi muda sing isih kurang marang keris lan senjata tradisional.

Basuki Teguh Yuwono peneliti keris lan Sekretaris SNKI (Sekretariat Nasional Keris Indonesia) nyebutake, ilmu kuratorial mbutuhake paneliten kang temen adhedhasar kitab-kitab kuna lan artefak keris sing digawe ana ing jamane.

"Wektu iki akeh pemikiran kang luput lan rancu satengahing masyarakat ngenani apa sejatine keris. Ana rong bagean utama sing kudu ana ing senjata tradisional supaya bisa diarani keris, yaiku wilah sing nglambangake lingga lan ganja sing nglambangake yoni," terange

Nyawijine lingga lan yoni dadi pralambang pangarep-arep kesuburan, kelestarian, lan kekuatan. Posisi adege wilah keris sing aran mboyut (miring kanthi sudut tertemtu) dadi pralambang watak wong Jawa lan suku bangsa Indonesia liyane, sakandhaping derajat utawa pangkat manungsa, kudu tetep ngurmati sapadhaning umat lan manembah marang Gusti Kang Maha Agung.

Dawane wilah keris udakara 33 cm nganti 38 cm. Nanging ana uga sing dawane tekan 58 cm, malah keris saka Filipina Kidul dawane bisa tekan 64 cm. Dene keris sing paling cendhak yaiku keris Buda lan keris Nyi Sombro Pajajaran (sekitar 16–18 cm).

Keris sing ukurane luwih cilik saka pulpen (kurang saka 12 cm) ora bisa diarani keris, nanging jimat wewangunan keris. Saliyane iku, keris sejati digawe saka campuran wesi, waja, lan pamor. Keris sing digawe saka kuningan, seng, utawa cor-coran ora isa diarani keris, nanging keris-kerisan.

Tangguh ana ing perkerisan digunakake kanggo mangerteni jaman, gaya, lan asal-usul keris digawe, uga dadi tandha kejayaan sawijining kerajaan. Ing periode Mataram, ana telung pamerangan utama Mataram Senopaten: Nduweni pasikut irig lan sterek (kenceng/kuat), wesi werna ireng semu biru nyamber lilin, pamor pandhes lan ngawat.

Wewangunan manis lan luwes, wilah lurus kandel sedheng. Werna wesi ireng semu biru nuduhake cecampuran bahan sing imbang.

Mataram Sultan Agung pasikutan demes (serasi lan wangun disawang), wesi mentah, lan pamor mubyar. Jaman iki dadi puncak produktivitas lan kejayaan tosan aji, ditandhani anane dapur anyar (kaya Nagasasra) lan budaya kinatah (kamarogan, gajah singo).

Contone keris yaiku Kanjeng Kyai Anggrek (dapur Sempana) lan Kanjeng Kyai Ageng Pituruh (dapur Carubuk).

Mataram Amangkurat (Kartasura) Pasikutan galak lan birawa, wesi mentah werna putih kanthi pori-pori kasar, pola garap agal, lan pamor bruket/kumambang.

Nemtokake tangguh keris ora bisa mung di sawang liwat media gambar utawa foto, nanging kudu liwat 3 sarana utama yaiku Pandeleng (Penglihatan, Nyawang kanthi setiti kabeh rician ing wilah keris (dapur, pamor, wewangunan). Pangrungu (Pendengaran) utawa Ngrungokake swara wesi nalika ditabuh alus kanggo ngerteni sifat wesi (tuwa, enom, utawa mentah).

Panggrayang (Perabaan), Nyekel keris ing gegeman kanggo ngrasakake tekstur pamor lan alus-kasare garapan wesi.

"Senadyan asile ora satus persen presisi, nanging ilmu kuratorial bisa menehi gambaran akademis adhedhasar literatur lan karya agung para mpu mbiyen," pungkase Basuki Teguh Yuwono.