Pawiyatan - Akademisi UNDHA AUB Surakarta, Dr.(Cand) Drajat Jati Prakosa, S.E,.M.M kang uga Alumni Angkatan ke 39 Lemhanas RI nandhesake, perguruan tinggi ora mung papan kanggo nyetak generasi muda unggul minangka agen agen perubahan, nanging uga dadi pilar ketahanan negara. Saliyane menehi pendidikan akademik, perguruan tinggi uga dadi papan kanggo riset lan inovasi adhedhasar ilmu pengetahuan
Perguruan tinggi nduweni tanggung jawab ngasilake sumber daya manungsa kang unggul, kompeten, nduweni akhlak becik lan beradab, di ajab bisa nduweni daya saing ana ing tataran global. Miturut kandhane, perguruan tinggi uga nduweni peran strategis kanggo nguwatake ketahanane bangsa. Ketahanan kasebut wigati kanggo njaga lestariné urip bebrayan, bangsa, lan negara anggone nggayuh cita-cita pembangunan nasional yaiku, kamakmuran lan kesejahteraan rakyat.
Mula saka kuwi lembaga perguruan tinggi kudu dibangun adhedhasar nilai perjuangan, ora mung ngutamakake bathi. Para pendiri bangsa uwis netepake manawa pendidikan bagéyan saka perjuangan bangsa nggayuh kamajuan serta kamandirèn bangsa. Nilai perjuangan lan kearifan kasebut uga dadi dhasar sing nate ditandurake dening MA Tukidjo Martoadmodjo, tokoh pelopor Pendidikan ana ing Kutha Sala uga pendiri AUB Surakarta sing saiki dadi Universitas Dharma AUB Surakarta.
Di kocapake sujarahe MA Tukidjo Martoadmojo dening Drajat, nalika pendiri Yayasan Dharma Pancasila kasebut berjuang wiwit nggayuh kamardikan nganthi tumeka perjuangane saka paprangan fisik menyang pembangunan kualitas manungsa lumantar pendidikan.
Miturut panemune Tukidjo, pahlawan ora mung pawongan sing ngrebut kamardikan, nanging uga wong kang bisa ngisi kamardikan nganggo ngelmu, budi pekerti, lan tumindak becik kanggo kemajuan bangsa. Wiwit enom, Tukidjo Martoadmojo wis nduweni semangat nasionalisme sarta tansah ngugemi piwulang Jawa "Sepi ing Pamrih, Rame ing Gawe" pinangka filsafat gegondelan anggone laku uripe.
Ana gunggung cacah telung pengabdian ditindakake dening Tukidjo Martoadmodjo.
Kaping pisan pinangka pejuang kamardikan kang wani ngorbanake nyawa ana ing medan perang kanggo nggayuh cita cita kamardikan. Kapindho pinangka penjaga ideologi negara kang aktif mbela lan njaga kasucening Pancasila saka maneka warna ancaman. Katelu, minangka bapak pendidikan utawa arsitek peradaban kang mbangun pondhasi kanggo nyerdhasake bangsa lumantar Yayasan Dharma Pancasila kang mayungi AUB Surakarta wektu semana.
Lair ing dina Setu Wage 8 Agustus 1919 nalika bangsa Indonesia isih ana satengahing pergolakan revolusi kamardikan. Wiwit cilik Tukidjo wis nduweni semangat juang dhuwur kabentuk saka situasi perang, saengga nanemake jiwa patriotisme lan rasa tresna marang bangsa lan negara. Masiya bangsa Indonesia ngadhepi manekawerna tantangan lan kasengsaran saka penjajahan, nanging Tukidjo lan kanca-kancane ora nate surut semangate. Kosok baline, kahanan kasebut malah nggembleng dheweke dadi pejuang tangguh kang nduweni jiwa nasionalisme kuwat.
Semangat perjuangan tuwuh saka gemblengan kahanan urip lan piwulang lumantar kulawargane sing nandurake budi pekerti adhedhasar falsafah Jawa. Tumrape Tukidjo, keluwarga papan utama kanggo sinau babagan urip, mbangun mental, spiritual, karakter, lan jati diri. Nilai nilai falsafat jawa kasebut katon saka mawerna wewangunan mawujud simbol simbol ana sajroning kampus perguruan tinggi AUB Surakarta.
Pancasila minangka ideologi negara lan dhasar urip bebrayan, berbangsa lan bernegara, temtu tansah dicekel kanthi teguh minangka dasar anggone berjuang nyerdasake bangsa. Semono uga cita-cita perjuangane kudu tansah adhedhasar rasa kabangsaan, amrih saben pengabdian bisa menehi paedah nyata tumrap keluwarga, masyarakat, bangsa, lan negara. Tukidjo mangerteni, menawa perang revolusi ndhadekake rakyat akeh sing ora bisa ngrasakake pendidikan. Apa maneh nalika jaman semana, mung kalangan tartamtu lan para priyayi kang bisa sekolah. Winatese akses pendidikan kasebut ndhadekake rakyat bodo lan mlarat.
Mula saka kahanan kasebut Tukidjo precaya, amung lumantar pendidikan kang maju lan bermutu bangsa Indonesia bisa uwal saka kabodohan lan kemlaratan. Tuwuh saka rasa kepedulian, deweke banjur ngrintis lembaga pendidikan wiwit saka pendidikan anak usia dini nganti perguruan tinggi ing Kutha Solo liwat Yayasan Dharma Pancasila.
Masiya dalan kang ditempuh ora gampang amarga angel golek tenaga pendidik kang nduweni kepinteran akademik, nanging semangat perjuangane ora nate kendho. Dheweke tetep nerusake pengabdian lumantar donya pendidikan.
Pengetahuan lan pendidikan tumrape pinangka dalan utama kanggo nggayuh kamardikan kang sejati yaiku, dadi bangsa mandiri, makmur, adil, lan beradab. Keadilan kudu mawujud ana ing babagan sosial, budaya, politik, lan ekonomi. Dene kesejahteraan kudu dirasakake dening kabeh rakyat tanpa ana jurang kang adoh antarane wong sugih lan wong mlarat. Dheweke uga ngelingake manawa kesenjangan ekonomi bisa nuwuhake kasujanan sosial sarta mengaruhi stabilitas ekonomi, sosial, budaya, lan politik negara.
Ora akeh pejuang sing menehake laku uripe kanggo bangsa
lan negara. Kaya deneTukidjo Martoadmodjo, salah sijine pejuang kang bisa dadi
tuladha anggone ora gampang nyerah marang situasi lan kondisi. Nilai perjuangan
Tukidjo bisa kanggo tuladha dedikasi lan pengorbanan berjuang sajroning perang
kamardikan lan sawisé Indonesia merdika.
Tukidjo ngadegake Yayasan Dharma Pancasila (YDP) ana ing taun 1966. Yayasan iki banjur ngrembaka dadi lembaga kang nglairake maneka warna institusi pendidikan, wiwit taman kanak-kanak nganti tumeka perguruan tinggi. Lembaga pendidikan kang dirintis liwat Yayasan Dharma Pancasila saantarané Akademi Uang lan Bank (AUB), ASMI Solo, Akademi Teknik Perindustrian, sekolah Pancasila ing Surakarta lan sakupenge.
Tukidjo uga aktif nguri-uri kabudayan Jawa kanthi
ngedegake Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) lan ngrembakakake nilai-nilai
Pancasila ana ing tengah masyarakat. Filosofi urip kang tansah diugemi yaiku
ngladeni masyarakat kanthi tulus, tanpa ngarep-arep pamrih pribadi. Nganti
saiki, warisan perjuangan MA Tukidjo Martoadmodjo isih katon lumantar
eksistensi Yayasan Dharma Pancasila lan lembaga-lembaga pendhidhikan kang isih
aktif ngladeni masyarakat./ Jko
%20Drajat%20Jati%20Prakosa,%20S.E,.M.M.jpeg)