Tradisi Hajad Dalem Sekaten, RT Sudrajat Dwijodipuro, Bukane Tetiyang Jawi Ngrasuk Islam

RT Sudrajat Dwijodipuro


Tradisi lan Budaya - Saben tahun ngancik sasi mulud ana ing kalender jawa,  Keraton Kasunanan Surakarta ajeg ngleksanakake perayaan tradisi Sekaten mapan ana ing Bangsal Pradonggo kiwa lan tengen Masjid Gede Surakarta. Tradisi adat siar Islam sing uwis di leksanakake kawiwitan ing jamane Kesultanan Demak Bintoro kasebut, minangka sarana anggone Walisongo ngislamake tetiyang Jawi ing jaman semana.

Sekaten, ana ing sujarahe di jupuk saka serat wedapradonggo, RT Sudrajat Dwijodipura nerangka, saben dina para wali tansah mbudidaya kepiye bisane agama Islam  sumiyar ana ing tanah Jawi. Menekawerna cara di tempuh, nanging agama Islam tetap durung bisa di tampa dening bangsa jawa, amarga isih akeh sing puguh netepi agama buda. Awit saka kedadeyan kasebut, Sultan Syah Alam Akbar banjur ngajak para wali parepatan, golek acara mbudidaya mungguh kepiye bisane masyarakat sami purun ngrasuk agama Islam.




Anggone perepatan tansah gayeng rame, padha menehi usul lan ide kepiye rekadayane golek akal sing alus kang ora kanyana nyana, nanging tumuju ana ing sedya bisa ngislamake. Pemanggihe para wali manekawerna, nanging tetep durung ana sing bisa di leksanakake. Wusana ana usul saka nggone Sunan Kalijaga, pinangka wali jawa sing kawentar babagan olah seni sarta ngilmu kaweruh agama lan kebatinan.

Usule murih bisa kasembadan anggone ngislamake bangsa jawa, kudu nganggo sarana ngenengake kabudayan jawi sing di remeni dening tetiyang jawi, yha iku migunakake sarana gamelan. Amarga gamelan tumrape tiyang jawi pinanggep pusaka, apa maneh wiwit adage Kasultanan Demak Bintoro gamelan kasebut ora nate di tabuh. Awit saka alesan mau, Sunan Kalijaga banjur ngusulake ngislamake tiyang jawi kanthi sarana gamelan.

Banjur kepiye carane Ngislamake?

Di kandhakake, gangsa utawa gamelan di pasang sacedake masjid, di tabuh seru banget supaya mireng saka kadohan saengga pawongan saka ngendi wae pada neneka mirsani. Yen uwis neneka kepingin mirsani, di jangji sapa wae kena nonton nanging kudu gelem manjing Islam. Yen uwis sanggem banjur sesuci wudlu, yen uwis sesuci terus katuntun ngucap syahadat loro, tembunge arab syahadatin, mangkene usule Sunan Kalijaga

Usul kasebut banjur dadi musyawarah gayeng banget, nanging di pikir pancen bener mengkana kasunyatanan cara sing bisa kanggo ngislamake. Para wali banjur manut marang usule Sunan Kalijaga sacara mufakat. Banjur di goleke dina sing cocok kanggo miwiti lan di sarujuki pasa dina maulid utawa pas pengetane Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Para wali uga mufakati panggaweane gangsa, gending lan sapanunggalane di bubuhake dening sunan Kalijaga sing kalangkung damang ing babagan seni budaya jawi.

Sak uwise mufakat, parepatan banjur bubar, ujar RT Sudrajat ngandhakake.

Babagan usule Sunan Kalijaga kasebut imbuh critane, amarga Sunan Kalijaga emut piwelinge Nata Majapahit, jer agama buda dalah budayane babar blas ora isoh sirna. Isih kandel banget jalaran uwis rumasuk balung sumsume tiyang jawi.

Sunan Kalijaga banjur iyasan gamelan sing arep di gunakake kanggo ngislamake migunakake laras pelog. Sarehne arep di tabuh banter banget, wujude wilahan di gawe gede luwih saka gangsa lumrahe. Cacahe namung pitung werna, sing nabuh sakayange nggoleki suara banter, ora golek mat matan. Kajaba iyasan gamelan, Sunan Kalijaga uga yasan gending pangiringe.

Dene gunggung cacahe gangsa yaiku, Bonang sapangkon, Kempyang sapangkon, Demung rong pangkon, Saron barung papat pangkon, Saron penerus rong pangkon, Bedhug siji, Gong sarakit. Gendinge di wenehi Rambu ladrangan laras Pelog Panunggul utawa pelog 5 pinangka gending sepisan miwiti ungele gangsa. Gending kapindho Rangkung laras Pelog Panunggul utawa Pelog 5. Nama gending Rambu lan Rangkung kasebut saka namane jin kang manggon ana ing Bangsal Pradonggo. 

Nalika usule Sunan Kalijaga migunakake gangsa kanggo sarana ngislamake tiyang jawi kasebut di mufakati para wali, banjur di rembug maneh dening para wali, jumhur lan para ulama, gending sing arep di gunakake kanggo ngungelake gangsa. Nalika gayeng gayenge parembakan, dumadakan kepireng suwara saka Bangsal Pradonggo kaya dene pawongan imbal sabda gemrunggung nanging ora ana pawujudane, saengga gawe cingake para wali. Sunan Bonang minangka pangarsaning perepatan banjur ngutus salah sijine ngulama mriksa suara imbal sabda migunakake basa buda nanging ora ana wujude. 

Ulama sing di utus Sunan Bonang ora bisa dimangertine pawujudane, tumeka Bangsal Pradonggo amung keprungu suwara gumarunggung tanpa wujud. Ora kasil sedyane, ngulama kasebut banjur balik menyang parepatan lan matur apa anane marang Sunan Bonang. Sak banjure Sunan Bonang ngutus abdi dalem guru nama Kyai Gambuh lan Kyai Ganjur, kinen mriksa sajroning Bangsal Pradonggo.

Ana njero Bangsal Pradonggo, abdi dalem juru kekalih weruh pawujudane jin kakang adi ingkang sepuh nama Rambu, ingkang nem nama Rangkung. Sakalorone sami sami jin muslim. Kyai Gambuh lan Kyai Ganjur entuk katerangan, jer jin kakang adi kasebut lagi padudon ngrembag babagan agami buda gathuke kalihan agami Islam. Rambu lan Rangkung nayogyani babagan gangsa sing arep dingo sarana ngislamake tiyang jawi kanthi suka manah.

Dene anggone jin sakaloron manggon ana njero  Bangsal Pradonggo, amarga saka dawuhe Gusti Ratune kadawuhan rumeksa wonten ing ganggsa ingkang bade dipun babar kangge muludan. Mangerteni apa kekerepane Rambu lan Rangkung, Kyai Gambuh lan Kyai Ganjur sukarena, banjur balik menyang parepatan ngaturake kabeh kedadeyan marang para wali. Awit saking kedadeyan kasebut, anggitane gending dimufakati para wali banjur diwenehi nama Rambu lan Rangkung.  

Gending Rangkung tutukane demung kasebut imbal saka sabdane jin sakaloron. Tutukan imbal iku sing siji nyela irama, siji maneh bareng irama. Kawiwitan saka bukane iki, ana tutukan demung imbal. Kawiwitanane gending di wenehi grambyangan bonang minangka kanggo bebukane gending, sing kasebut racikan.

Sauwise gangsa lan gending di mufakati, para wali banjur parepatan maneh ngrembag babagan kanggone gangsa. Putusane di leksanakake kagem pasamuan ing sasi mulud taun dal wiwit tanggal kaping 5 uwis di ungelake rina wengi nganti tumeka grebeg utawa bakda, pinangka mulyakake dina wiyosanipun taun Gusti Kanjeng Nabi Muhammad Rasullullah, ing dina Senin Pon tanggal 12 rabiullawal taun Dal.

Nalika di ungelake, ana ngarepe gangsa di wenehi banyu kagem sesuci. Tetiyang ingkang sami mirsani luwih disik kapurih wudu banjur ngucapake syahadat loro ana ngarep gangsa. Awit saking punika, gangsa wau banjur kasebut gangsa syahadatin, kalanturing pangucap dadi gangsa sekaten.

‘ Punika bukane tetiyang jawi sami ngrasuk agami Islam’ Terang RT Sudrajat  

Sekaten kanggone masyarakat ora mung mengeti tradisi hajad dalem siar islam, nanging uga dadi berkah kanggone para bakul sega liwet, bakul kinang, ndok asin, wedang ronde, cabuk rambak, gangsingan, kapal othok othok, pecut lan sapanunggalane. Saben wiwit ungele gangsa sekaten sing sepisan, pelataran Masjid Gede kebak bakul dodol panganan lan dolanan tradisional. Pawongan sing mirsani kajaba mirengke suwarane gangsa sekaten, uga jajan lan tetukon dolanan./ Jud