Obyek Wisata Batara Sriten, Embung Tadah Udan Ing Bukit Baturagung Gunung Kidul

Embung Batara Sriten


Wisata - Kabupaten Gunung Kidul saiki klebu laladan kang subur makmur, sarta kebak manekawerna obyek wisata sing bisa di unggahake kanggo destinasi wisata. Potensi wisata kasebut terus di kembangake wiwit taun rong ewunan. Sumber daya alam sing bisa di budidaya sarta di kembangake destinasi wisata terus di upayakake di wewangun, saengga diajab bisa nuwuhake perekonomiane warga desa. Senadyan papan panggon potensi wisata kasebut ana nduwur gunung, gua lan pinggir segara.

Apa maneh wiwit Pemerintahane Pak Joko Widodo kang utamakake pembangunan infrastruktur, akses jalan desa sing ana nduwur gunung, tengah alas, nganti tumeka seberangan segara di wewangun, perlune bisa ngunggahake perekonomiane warga sekitar. Awit saka iku, saiki ora gumunake yen liwat ana satengahe alas lan gunung, akses sapiturute dalan uwis di aspal utawa dicor. Saengga warga masyarakat sakiwa tengene bisa wewangun perekonomian liwat mawerna usaha. Ora mung ngandelake tegal tetanen, nanging bisa ngembangake obyek wisata lan perekonomian kreatif.

Kaya dene akses dalan padesan ing laladan Gunung Kidul. Prasasat kabeh uwis di aspal lan di cor dening pemerintah. Kendaraan roda papat sak luwihane bisa liwat lan mlebu desa, saengga akses perekonomian gampang. Listrik lan banyu resik ora angel, senadyan mapane ana nduwur gunung. Babagan iki beda adoh nalika taun sangang puluhan. Gunung Kidul klebu laladan tandus, gersang lan angel banyu. Kebutuhan banyu nggantungake saka banyu udan saben mangsa tertemtu. Akses dalan watu gamping di tata pating prongkal. Ora bisa di lewati nalika mangsa udan amarga lunyu lan mbebayani tumrapae para pangguna dalan.

Wewangunan ing Kabupaten Gunung Kidul saiki ngandelake potensi wisata alam lan budi daya destinasi wisata. Mula ora gumunake pantai pantai ing Gunung Kidul saiki dadi piandele destinasi wisata ana ing Jogjakarta lan pula Jawa sacara umume. Alam pegunungan uga di upaya lan di budi daya kanggo destinasi wisata, saengga para wisatawan nalika neneka wisata menyang Gunung Kidul ora mung menyang pantai, nanging bisa mampir menyang wisata alam pegunungan kang mempesona kaindahane.

Kaya dene obyek wisata Embung Batara Sriten sing mapan ana Padukuhan Sriten, Desa Pilangrejo,Kecamatan Nglipar, Kabupaten Gunung Kidul. 

Embung Batara Sriten kawentar telaga gawean kang mapan ana wewengkon perbukitan paling duwur dewe ing Gunung Kidul. Mapan ana lahan perbukitan Baturagung Utara duwure kurang luwih 859MDPL, saengga Embung Batara Sriten kasebut embung gawean paling duwur ana ing Jogjakarta lan Jawa Tengah. 

Nama Embung Batara Sriten di jupuk saka akronim nama bukit Baturagung lan Pedukuhan Sriten. Kasebut Dukuh Sriten jalaran ing padukuhan iki ana goa kang isine ewonan manuk sriti saengga dening warga masyarakat banjur kaceluk Sriten. Miturut mitos, manuk sriti pinercaya panjilmane Raden Sri Sadana nalika nenggani Bathari Sri anggone njejega tetanene warga desa saka hama.

Embung Batara Sriten di wangun tahun 2014 lan di resmiake tahun 2015 dening Sri Sultan hamengkubuwono X.  Luwase patangewu pitungatus meter persegi, nduweni daya tampung kurang luwih sepuluh ewu meter kubik. Akses dalan mlebu menyang Dukuh Sriten saka protelan dalan raya Kecamatan Ngawen- Nglipar adohe kurang luwih 7,5Km, munggah menyang perbukitan Baturagung. Wisatawan sing pada neneka wisata bisa numpak kendaraan roda loro lan mobil. Amarga akses dalam mlebu menyang lokasi uwis di aspal lan di cor. Nanging butuh konsentrasi sing luwih nalika ngendalikake motor, apa maneh kendaraan roda loro jinis motor matic. Jalaran dalane nanjak ndedel munggah wiwit saka dalan raya Kecamatan tumeka Embung Sriten.

Karcis mlebu menyang kawasan embung Batara Sriten rata rata limang ewu rupiah kanggo mangsa liburan, akhir pekan lan dina minggu. Kaya dene obyek wisata embung liyane sing ana wewengkon parbukitan Baturagung

Embung Batara Sriten miturut Painem, salah sijine warga Sriten, di wewangun kanggo irigasi sawah lan tegal tetanene warga desa. Sakiwa tengene embung isih akeh tetanen pari, sarta tetanen woh wohan kang dadi piandel perekonomiane warga desa. Banyu bening kanggo kebutuhan masak lan ngombe sedina dina ora angel, amarga uwis di alirake munggah nganti tumeka dusun dusun sing ana sakiwa tengene embung. Saengga para wisatawan ora perlu sumelang kekurangan banyu nalika wisata menyang Embung Batara Sriten.

Manekawerna infrastruktur panyengkuyung obyek wisata uwis diwenehi komplit kaya dene, mushola, taman parkir, MCK, kios kopi, pendhapa wewangunan joglo lan sapanunggalane. Obyek Wisata Embung Batara Sriten nduweni ciri mligi pariwisata kanggo nyawang sunset lan sunrise ing mangsa esuk. Sarta spot foto selfi kanggo para milenial. Para pandemen camping ana ing gunung di wenehi lahan kanggo kemah ana ing sacedake puncak Mangir, papan paling duwur dewe ana ing perbukitan Baturagung. Saka puncak Mangir, wisatawan bisa ndeleng pemandangan Waduk Gajah Mungkur Wonogiri, Rawa Jombor lan pemandengan Kabupaten Klaten, Wonogiri, Sukoharjo lan Gunung Kidul. Sarta papan kanggo para wisatawan ndeleng sunrise lan sunset, metune lan angslupe surya ing wektu esuk lan sore.

‘Para pandemen olahraga paralayang, gantole lan sapanunggalane saben mangsa tertemtu asring migunakake puncak Mangir kanggo spot terjun. Ora ketinggalan komunitas olah raga sepeda onthel saben dina minggu lan akhir pekan, uga akeh sing padha munggah ngonthel menyang Embung Batara Sriten’ Ujare Painem, warga Sriten sing saben dina dodol kopi ana kios sacedake Embung Batara Sriten.

Wewangunan pendapa joglo lan gazebo di cawisake kanggo para wisatawan sing kepingin ngaso sarta nglaras ngerasakake sumilire angin sore. Kanggone pawongan kang demen olah laku spiritual, kajaba neneka wisata menyang Embung Batara Sriten kanggo ngleremake pikiran, uga bisa ziarah menyang petilasane Syech Walijati sing mapan ana puncak Mangir.

Miturut kandhane Painem, Syech Walijati nduweni nama Raden Karsa Pramudya kang nate tapa ana ing nduwur puncak Mangir. Kaprecaya Raden Karsa Pramudya nduweni sesambungan kelawan Kasultananan Jogjakarta. Nanging tumeka saiki akeh pawongan ora weruh sesambungane saka trah ngendi. Pangertenane warga desa, nalika petilasan kasebut dibangun, ana pihak perwakilan saka keraton Jogja kang neneka menehi upacara ritual.

‘ Ana cerita mistis nalika petilasan Syech Walijati arep di bangun ‘ Ujare Painem ngandhakake.

Suwasana mendung peteng udan angin deres banget, nalika material pembangunan di tekakake menyang nduwur puncak Mangir. Gendeng , seng lan payon payon omahe warga padha mabur di gawa angin lesus. Kedadeyan iki ujare Painem, kayadene mratandani anggone bangsa alus pada nyambut wewangunan sing arep di lekasanakake. Sedina sauwise udan angin, petilasan Sycah Walijati banjur di bangun di wenehi kijing lan pager wesi. Para pelaku ritual sing padha neneka donga lan ritual,  bisa ngleksanakake ana njero pager petilasan, ora perlu sumelang yen pagere di kunci.

Nalika sepisan di temokake lan arep di bangun, ana salah sijine warga desa ora nduwe tata krama nendangi watu pratanda petilasan. Ora suwe sabubare ngrusak watu petilasan, ternak lembune padha mati tanpa sabab, kaya dene di wenehi piwales marang leluhur panjaga petilasan. Warga desa liyane sing padha weruh kedadeyan kasebut malah anyukurake kesalahane pawongan kang ora nduweni adab lan tatakrama.

Sadurunge di bangun kanggo embung lan obyek wisata, akeh pelaku ritual saka Klaten lan sakiwa tengene neneka tapa menyang petilasane Syech Walijati. Nanging wiwit di wewangun lan di dadekake destinasi wisata dening Pemerintah daerah, pawongan neneka ritual saiki sing milih wanci dalu anggone ritual, amarga isin kaweruhan dening para wisatawan. Babagan kasebut nate di ceritake Painem nalika adike lanang sing manggon ana Klaten, asring ngeterake pawongan ritual menyang petilasane Syech Walijati.

Kajaba ngalap berkah pangkat derajat, gegayuhane pawongan sing padha neneka akeh kang nyeyuwun gampang sandang pangane. Tumrape para pelaku ritual sing uwis Kabul hajade, biasane menehi selametan sega gurih, gedang setangkep lan panggang pithik minangka atur wujud rasa syukur marang Gusti Allah.

Kayadene Suratmi, warga Sukoharjo nalika di temoni ana ing Embung Batara Sriten ngocapake, anggone neneka wisata menyang Embung Sriten amarga nduweni keistimewaan bisa nyawang pemandangan sunset lan sunrise. Lokasi spotselfi saka katerangane, instragamable banget. Apik lan katon indah banget. Saka nduwur puncak mangir bisa nyawang alas, kutho lan padesan. Akses dalan munggah menyang Embung Sriten  di akoni Suratmi saiki uwis alus. Dalan munggah sapiturute desa kabeh uwis di cor alus lan amba, saengga kendaraan roda papat isoh munggah tumeka Embung Sriten.

Ora kaya jaman ndhisik, arep mlaku munggah menyang Sriten rekasa. Akses dalan munggah watu padas di tata ana tengah dalan, yen mangsa udan dalane lunyu ora bisa di lewati’ Ujare nyeritakake nalika deweke munggah menyang Sriten ing taun sangang puluhan.

Suratmi ngajab, Embung Batara Sriten bisa dadi destinasi wisata piandelane warga sekitar. Perekonomiane warga bisa munggah saengga akeh potensi ekonomi sing bisa di gali di dadhekake sumber penguripane warga desa saliyane saka tetanen./ Tok