SURAKARTA – Wiwit diadegaken tanggal 17 Februari 1969 dening
Yayasan Dharma Pancasila (YDP), AUB Surakarta ingkang sak punika sampun ewah
nama dados Universitas Dharma AUB Surakarta tansah nglampahi lelampahan ingkang
dawa wonten ing jagad pendhidhikan nasional.
Sajroning lumampah langkung saking gangsal dasawarsa kasebut,
UNDHA AUB Surakarta ugi nglampaho manéka warna dinamika anggenipun ngemban
jejibahan nyengkuyung upaya nyerdhasaken gesangipun bangsa lan negari Indonesia.
Nalika jaman kamajenganipun AUB Surakarta, perguruan kasebut
naté kacathet dados salah setunggaling lembaga perguruan tinggi top saking
sedasa akademi paling sae wonten ing Indonesia.
Kawiwitan status terdhaftar, lajeng dipunakeni, sak
lajengipun status disamakaken adhedhasar Surat Keputusan Menteri Pendidikan lan
Kebudayaan Republik Indonesia tanggal 9 Maret 1984.
Lumampahipun wekdal, panggulawenthahipun AUB Surakarta
saking Yayasan Dharma Pancasila lajeng dipun paringaken dhateng Yayasan Karya
Dharma Pancasila (YKDP) minangka yayasan ingkang nerusaken pengabdian YDP.
AUB Surakarta diadegaken déning MA Tukidjo Martoatmodjo
sesarengan kaliyan para tokoh ingkang sami nyengkuyung. Nalika ngasta Yayasan
Dharma Pancasila, piyambakipun boten namung netepaken dhasaring pendhidhikan
ingkang adhedhasar nilai kabangsaan lan semangat perjuangan, nanging ugi
nilaraken Sesanti Suci ingkang dumugi sapunika taksih dados pedoman tumrap
sedaya kulawarga ageng Yayasan Dharma Pancasila.
"Mbah Tukidjo Martoatmodjo minangka pangadeg lan Bapak
Yayasan Dharma Pancasila hanggadahi ngarep-arep supados sesanti suci kasebut
saged dados tuntunan tumrape para pengurus, sarta sedaya sivitas akademik anggenipun
nglampahi pangabdian," Pratelanipun Dr. Anggoro Panji Nugroho, M.M., putu
lan pangarsa Yayasan Karya Dharma Pancasila ingkang tansah neruskane perjuanganipun
MA Tukidjo Martoatmodjo.
Sesanti Suci kaebut ngemu unen-unen, "Sepi Ing Pamrih,
Rame Ing Gawe, Memayu Hayuning Bawana.".
Tegesipun, manungsa urip kedah tansah makarya kanthi ikhlas
tanpa ngarah pamrih. Sregep ngladosi kabecikan, saha tansah ngudi karaharjaning
gesang lan katentremaning jagad.
Sedaya pakaryan dipuntindakaken kanthi tulus minangka wujud
pangabdian dhateng Gusti Allah Ingkang Maha Kuwasa lan migunani tumrap sesami.
Sesanti punika ujaripun Anggoro, sanes piwulang enggal ananging
sampun dados falsafah gesang para leluhur Nuswantara ingkang langkung ngugemi
kasugihaning batin tinimbang kasenenganing ndonya.
MA Tukidjo Martoatmodjo ugi maringi piwulang "Hening,
Heneng, Hanung." Heneng tegesipun manah lan pikiran ingkang Tentrem.
Hening ateges resik lan suci, dene Hanung tegesipun manungsa ingkang pikantuk kaluhuran budi lan kautaman rohani saéngga dados pribadi ingkang pinunjul.
Falsafah punika asalipun saking piwulang Gamelan Sekaten
jaman Sultan Agung Hanyokrokusumo ing Mataram, ingkang salajengipun dipunwedhar
malih déning Ki Hajar Dewantara lan dados salah satunggaling piwulang wonten
ing Perguruan Taman Siswa kanthi unen-unen "Neng, Ning, Nung, Nang."
Maknanipun, saben tiyang ingkang gadhah ancas luhur
prayoginipun nyisihaké wekdal kanggé meneng. Tansah nenangaken manah lan
pikiran, sarta nyedhak dhateng Gusti Allah Ingkang Maha Kuwasa.
Lumantar katentreman punika, manah badhé dipunresiki saking
hawa nepsu lan reregeding dosa, satemah Gusti paring pepadhang, kawicaksanan
saha katrampilan rohani.
Piwulang punika ugi hanggadahi teges dumunung mangertosi
papan lan jati dhirinipun piyambak.
Manungsa ingkang sampun mangertosi dhirinipun di ajab saget dados
pribadi ingkang "Wikan Pribadi, Wisesa Pribadi," saged nguwaosi hawa
nepsu lan mimpin dhirinipun piyambak.
Dr. Anggoro ngandharaken, bilih tiyang ingkang ngamalaken
piwulang punika badhé tansah pikantuk pitedah, pangayoman, saha pitulungan
saking Gusti Allah. Mboten namung wonten ing donya nanging ugi dumugi alam
akirat.
Menawi falsafah punika dipun leksanakaken kanthi saestu,
mliginipun wonten ing pangelolaan yayasan, temtu saged njagi lan nglajengaken
sesanti saha ancas luhur para pangadeg.
Miturut piwulangipun, sedaya keliwarga ageng Yayasan Dharma Pancasila kedah purun sinau saking pengalamanipun gesang lan sujarah. Amargi kanthi sinau sujarah, manungsa saged langkung wicaksana sadèrèngipun mendhet kaputusan, sarta tansah gelem mbeneraken dhirinipun piyambak.
Piwulang punika selaras kaliyan piwulangipun RA Kartini
bilih sadèrèngipun ndhidhik tiyang sanès, manungsa kedah rumiyin ndhidhik
dhirinipun piyambak.
Mekaten ugi kados ingkang kasebat wonten ing Serat Wedhatama anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV, inggih punika "Mingkar Mingkure Angkara." Tegesipun, sadèrèngipun maringi piwulang dhateng putra-putri manungsa kedah nyingkiraken sipat angkara murka diri pribadinipun..
Piyambakipun ugi paring piweling bilih manungsa kedah tansah
ngudi dados pribadi ingkang langkung sae, migunani tumrap keluwarga,
masyarakat, bangsa lan nagari, sarta ngibadah dhateng Gusti Allah.
Kados dene unen-unen Jawa, "Gajah mati ninggal gadhing,
macan mati ninggal belang, manungsa mati ninggal jasa."
Kajawi punika, masyarakat dipun pitutur supados boten
"melik gendhong lali," inggih punika kesengsem ngoyak kadonyan
ngantos kesupen dhateng urusan akherat.
Ugi boten kenging kagungan sipat "Gering Eling, Mukti Lali," inggih namung eling Gusti nalika nandhang kasusahan, nanging kesupen nalika pikantuk kabegjan.
MA Tukidjo Martoatmodjo ngélingaken supados boten kagungan
sipat "Adigang, Adigung, Adiguna. Ngendelaken kakiyatan, kalenggahan,
utawi kapinteran. Kosokwangsulipun tiyang gesang prayoginipun ngugemi piwulang
"Ojo Dumeh," saha tansah ngleksanani tepa salira, tepa palupi, lan
tepa tulada ing gesang padintenan.
Ing pungkasan piwelingipun MA Tukidjo Martoatmodjo, supados
sedaya keluwarga ageng Yayasan Dharma Pancasila tansah njagi kerukunan,
persatuan, lan semangat gotong royong.
Awit namung kanthi guyub rukun lan manunggal, ancas luhur
para pangadeg saged kaleksanan lan lembaga pendhidhikan badhé tansah ngrembaka
saha maringi paedah tumrap masyarakat, bangsa, lan nagari./ Tok
