Tetilasan - Pasareyan Randusanga sing mapan ana ing Kecamatan Tasikmadu, Karanganyar, katelah pasareyane Kyai Ngabehi Rangga Panambangan kang nduweni asma timur Raden Sutawijaya. Nama Randusanga kasebut saka uwit randu lan tetanen liya gunggung cacahe sanga ana sakiwa tengene pasareyan. Randusanga ora mung dadi jejuluke nama pasareyan, nanging uda dadi nama dusun papan panggonane pasareyan.
Miturut cerita tutur, tetanen iki pinangka tetenger duk nalika walisanga ngleksanake patemon ana ing wewengkon kasebut. Saengga yen di petung saka umure uwis atusan taun. Mung wae uwit uwit mau saiki uwis padha ambruk kabeh, hamung ninggalake nama sesebutan Randusanga. Akeh warga pinercaya, pasareyan Radusanga nganthi tumeka saiki isih wingit lan asring kanggo papan laku tirakat. Apamaneh nalika panguwasa orde baru isih ana ing pamrentahan, Astana Randusanga tansah di jaga lan di rawat. Saben mangsa tertemtu akeh pejabat neneka ziarah, ngalap berkah nggayuh kamulyan lan kamukten pangkat derajat.
Kandhane mbah Imam, juru kunci makam Randusanga di kocapake, nalika jamane orde baru saben mangsa tertemtu Pak Harto lan keluwargane asring ritual ziarah menyang Astana Randusanga. Wewangunan astana lan cungkup makam kandhane, sing wewangun uga Pak Harto. Nanging wiwit Pak Harto lengser saka kedudukane, saiki uwis ora ana maneh keluwargane sing padha ziarah. Amung masyarakat umum lan pelaku ritual sing asring neneka ziarah nalika dina tertemtu.
‘Utamane malam Jumat Kliwon lan Selasa Kliwon “ Ujare mbah Imam ngandhakake
“ Ana ing Astana Randusanga saliyane pasareyane Kyai Ngabehi Rangga Panambangan, uga ana pasareyane garwane sarta para putra wayah lan kerabat kerabate. Sisih bageyan njaba jejer kelawan pasareyan umum nduweke warga desa lan pasareyan Kyai Singadiwangsa, gurune Kyai Ngabehi Rangga Panambangan ‘ Imbuhe ngandhakake
Miturut carita sing kaimpun saka serat serat babad, Kyai Ngabehi Rangga Panambangan kasebut salah sijine pawongan kang nduweni andil gede merjuangake Raden Mas Said utawa Pangeran Sambernyawa jumeneng nata wewangun Pura Mangkunegaran. Saka asile ngabdi marang Raden Mas Said, Raden Sutawijaya di wenehi pangkat punggawa utama sarta nama Kyai Ngabehi Rangga Panambangan kang dadi pangarsane para punggawa baku Raden Mas Said.
Wiwit cilik nganthi tumeka diwasa Raden Sutawijaya lan Raden Mas Said cinaketan kaya dene sedulur. Ngancik yuswa pat belas taun Raden Sutowijaya katilar seda dening bapa biyunge, saengga rasa sedih anjalar ana ing atine. Sapungkure wong tuwane seda, Sutowijaya ngajab bisa nggenteni kalungguhane ramane. Nanging apa sing di ajab luput. Kasunyatane Sinuhun ora maringi kalungguhan kaya ramane.
Semana uga Raden Mas Said ngajab kaparingan pangkat Pangeran kaya dene wong tuwane, Pangeran Adipati Arya Mangkunegara, nanging kasunyatane Sinuhun cidra. Ora maringi apa sing uwis di janjiake marang wong tuwane, nanging kaparingan pangkat Mantri Anom sarta nama sêpuh Radèn Mas Suryakusuma. Saengga rasa serik tansah ginayut ana ing manah.
Raden Mas Said lan Sutawijaya ngrasakake, pengadilan tata Pamerintahan uwis rusak lan ora netepi pranatan adat sing di gondeli sacara turun temurun, saengga rasa kuciwa ndadhekake Raden Mas Said lan Sutawijaya nduweni karsa ambalela. Nanging tekad mbalela ora cukup di bandani dening Sutowijaya sing nduweni tinggalan banda donya akeh saka wong tuwane. Butuh pawongan sing melu nyengkuyung tohing pati, saguh dadi tumbale perang.
Marang Raden Mas Said, Sutawijaya ngandhakake saguh dadi tumbal, begja cilaka bakal dilakoni. Panjenengan begja kula tumut begja, dene panjenengan dalem cilaka kawula ugi tumut cilaka, pejah pisan mboten bade kawula unduri. Kawula namung nderek khukumipun Allah, menawi sampun tinakdir paring begja sedaya wau bade kasembadan.
Ngancik dina Rebo Kaliwon, Rabiulawal, taun Jimakir sinengkalan Ngrasa Retu Ngoyak Jagad utawa angka tahun 1666, Raden Mas Said budal saka nagari di derekake emban siji nama Kudanawarsa. Raden Sutawijaya ngajak pawongan gunggung cacahe wolulas iji sing nduweni tekad padha, jinujuk menyang tanah Nglaroh. Ana ing Nglaroh Raden Mas Said wewangun pamondhokan lan karsa jumeneng Pangeran kasebut nama Kanjeng Pangeran Arya Prabu Prangwadana. Para abdi panderek saka Kartasura kasebut punggawa, sarta kapatah siji siji pakaryane..
Marang Sutawijaya, Raden Mas Said ngendhika, jeneng sira sun pundhut sarta ingsun wisuda dadi lurah punggawa pinangka kamituwane para punggawa. Pangrehe sun pasrahake marang sira, dene sira ingsung paring sebutan Kyai Ngabehi Rangga Panambangan. Dadia pepeling marang anak putu ing mbesuk, sira ngentekake rajabrana kanggo nambangi ingsun.
Di ceritakake, wiwit lenggah ana Nglaroh, sansaya suwe akeh pawongan sing padha suwita marang Kanjeng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, jajahane kaelar sansaya amba sarta mundhut selir putrane Kyai Nuriman sing kasebut nama Raden Ayu Patah Ati. Kanjeng Pangeran Arya Prabu manahe mongkok mirsani abdine sansaya akeh tuwin prawira. Katelah saka rasa demene, Pangeran Arya Prabu Prangwadana karsa sesebutan jejuluk Sultan Adipati Prakosa Senapati Ngayuda Lelana, Jayamisesa Prawira Adiningrat, sarta jumeneng lenggah dampar sacara nata ing tanah jawi.
Nanging nalika arep jumeneng dampar sinamber gelap ora kathon. Mangerteni kedadeyan ana ngarepe, Kyai Rangga Panambangan matur marang gustine. Yen satemene ora di keparengake angegungaken kawibawan lan pakurmatan mundhak kuwalat. Prayogane ngageme asma pangeran kemawon. Ature Kyai Ngabehi Rangga Panambangan di turut, dening Kanjeng Pangeran Arya Prabu Prangwadana banjur nganggo asmane rama swargi kasebut Kanjeng Pangeran Arya Mangkunegara.
Wiwit migunakake sesebutan asma Kanjeng Pangeran Arya Mangkunegara sarta kaampingan Kyai Ngabehi Rangga Panambangan lan para punggawa baku, perjuangan Mangkunegara anggone nentang penjajahan sarta nggayuh adage Praja Mangkunegaran terus di kobarake. Jasa perjuangan Kyai Ngabehi Rangga Panambangan marang Mangkunegara ora bisa dipetung kelawan reregan duit, jalaran ora mung rajabrana sing di bebanakake, nanging tohing nyawa kanggo tumbal kamulyane Kanjeng Pangeran Arya Mangkunegara uga di wenehake. Kasile ngadekake Praja Mangkunegaran, Kyai Ngabehi Rangga Panambangan uga ora luput pambiyantu garwane saka bangsa lelembut.
Di kocapake nalika Kyai Ngabehi Rangga Panambangan lan para prajurit kaseser ing paprangan, sikile lara ora bisa mlaku, ndelik ana tengah alas amung dahar ron tetanen lan uwi alas. Salah sijine dina deweke ketemu pawongan estri rupane ayu. Kyai Ngabehi Rangga Panambangan di aturi mampir menyang omahe arep di wenehi dedaharan sing enak. Manut apa sing dadi karepe pawongan estri, Kyai Rangga Panambangan banjur mampir menyang omahe dahar eca.
Ngancik nalika mangsa arep pamit balik mulih, pawongan estri mau ngandhakake, yen kowe setya ora lali marang aku, aku bisa madangake reribedmu . Krungu apa sing di kocapake pawongan estri sing uwis ngajak mampir lan menehi dedaharan, Kyai Ngabehi Rangga Panambangan saguh marang penjalukane, ora bakal nglaliake salawase urip. Dimen anggone nglabuhi Gustine bisa kanggo ngeyub saturun turune.
Sak uwise ngocap kasaguhan setya salawase, wanci byar padang Kyai Rangga Panambangan kaget, anggone mampir ana omah lan dahar enak jebule ana nduwur uwit ringin gede. Pawongan estri sing didadhekake semah kanyata dudu bangsa manungsa, nanging tetela bangsa lelembut. Anggone menehi pambyantu marang Kyai Rangga Panambangan di nyatakake nalika Pangeran Arya Mangkunegara arep di pundhut mantu dening Pangeran Mangkubumi ingkang jumeneng ing Sukowati kanthi sesebutan Susuhunan ing Kabanaran.
Ewa semana Pangeran Mangkunegara gamang, dene apa sing dadi kekarepane Sinuhun Kabanaran bisa uga amung siasat bakal nyirnakake deweke. Rangga Panambangan nalika mangerteni apa sing dadi gegamangane Gustine, banjur matur saka pangocape semahe bangsa alus di aturake, yen kepingin antuk derajating keprabon kersaa nunggil kelawan Pangeran Mangkubumi, nyawiji nempil wahyune yen ora bakal akeh pakewuhe.
Kyai Rangga Panambangan anggone suwita marang Pangeran Mangkunegara suwene nganti teka wolulas taun. Gustine jumeneng Pangeran Adipati ana siti patang ewu jung kanthi sesebutan asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Senapati Ing Ngalaga. Kyai Ngabehi Rangga Panambangan dadi lurah punggawa sarta nyekel siti patang ewu jung. Kyai Rangga Panambangan sesemahan perawan banjur ngadhekake omah ana ing kulon Mangkunegaran.
Anggone omah omah kelawan pawongan wadag, Kyai Rangga Panambangan di wenehi putra siji, nanging nalika putrane lair ilang. Kaluwarga sing padha nunggoni bingung mangerteni kedadeyan aneh ana ngarep mripate. Bubar nanging cenger jabang bayi abang ilang tanpa sabab. Kaluwarga padha nangis lan bingung kepiye anggone nggoleki. Kyai Rangga Panambangan banjur ngobong menyan ana pelataran ngarep omah lan dedonga.
Ora suwe keprungu suwara mekikik kathon pawongan wedok bangsa alus semahe peri neneka ana ngomahe. Pitakone Kyai Ngabehi Rangga Panambangan ana apa karananipun bayi kang nembe lair ilang. Di kandhakake marang semahe bangsa alus, menawa ilange jabang bayi pancen di delikake deweke, amarga wiwit nduweni semah anyar Kyai ora nate neneka menyang omahe. Mula putrane di goda dimen Kyai Rangga Panambangan neneka. Ngerti apa sing dadi karepe semahe alus, Kyai Rangga Panambangan nyaguhi, sapungkure puput deweke bakal neneka. Sabubare di saguhi jabang bayi abang banjur kathon gumletak ana dipan nangis cecengeran, kaluwarga sing padha weruh banget sukane.
Di kocapake nganthi tumeka seda, Kyai Rangga Panambangan di wenehi putra loro, sing sepuh pawestri nama Rara Gadung Mlati saka semahe bangsa alus, sing enom jaler saka semahe manungsa, nama Mas Ngabehi Prawirasentika.
Semahe sakaloron di wenehake dadi siji ana omah. Pepelinge marang Mas Ngabehi Prawirasentika, ing tembe yen ramane uwis seda, tetap nunggil rukun nyawiji marang mbakyune Rara Gadung Mlati. Awit mbesuk yen ana reribet, deweke bisa menehi pambiyantu.
Dening Kyai Ngabhi Rangga Panambangan, Prawirasentika di jodoake marang putrine Kyai Kuda Amongraga ing Dusun Turus. Amarga uwis dadi janjine Kyai Rangga Panambangan bakal nunggil mukti bareng tuwin Kyai Kuda Amongraga.
Sedane Kyai Ngabehi Rangga Panambangan nganti tumeka yuswa suwidak siji tahun. Kasareaken ana ing Astana Randusangga. Sajroning cungkup kayu jati Astana Randusanga ana pasareyan cacah telu. Sing siji ramane kang nama Raden Tumenggung Prawirasuta, banjur pasareyane Kyai Ngabehi Rangga Panambangan lan garwane. /
.