Para wisudawan UNDHA AUB Surakarta Semester Ganep Tahun Akademik 2025/2026
Pawiyatan-Universitas Dharma (UNDHA) AUB Surakarta taun
iki kasil nglulusake luwih saka gunggung limang atus wisudawan ana ing acara
Wisuda Semester Genap Tahun Akademik 2025/2026.
Acara kasebut di leksanakake mapan ana ing Gedung Graha
Garuda, Kampus II UNDHA AUB Surakarta dina Setu (12/09/2026), di rawuhi dening
ketua Yayasan UNDHA AUB Surakarta sak perangakate, Rektor lan civitas akademi,
wisudawan lan wisudawati, sarta para wong tuwa sing kepingin mangerteni putra
putrane di wisuda. .
Ana ing katerangane, Ketua Yayasan UNDHA AUB Surakarta, Dr.
Anggoro Panji Nugroho, M.M, ngandhakake menawa gunggung cacahe wisudawan sing
dilulusake 502, saka manekawerna program studi Strata 1 lan Strata 2.
Dr. Anggoro mratelakake, menawa pendidikan kuwi ora mung
proses mindahake ilmu ana ing njero kelas, nanging Pendidikan dadi pondasi
utama kanggo masa depan bangsa.
Kampus ujare, pinangka
kawah candradimuka kanggo nempa para generasi muda, di ajab bisa mujudake generasi
muda Unggul, Bermartabat lan Berbudaya, sarta siap ngadhepi tantangan jaman.
Unggul pratelane, lulusan UNDHA AUB Surakarta ora kena mung
dadi penonton. Kudu wani inovasi, siap bersaing ana ing kancah global lan
ngamalke ilmune kanggo kemaslahatan masyarakat.
Bermartabat, lulusan UNDHA AUB Surakarta kudu duweni kepinteran
adedasar moral, akhlak, lan budi pekerti. Jalaran ilmu tanpa moralitas bakal
dadi alat perusak.
Berbudaya, lulusan UNDHA AUB Surakarta kudu njunjung dhuwur
nilai nilai kearifan, toleransi, lan gotong royong, sejalan kelawan nilai nilai
Pancasila lan Bhinneka Tunggal Ika.
Saliyané kui, para lulusan diajab bisa memangun inovasi
teknologi kanthi tetep njejaga keseimbangan alam. Amarga kemajuan teknologi tanpa
diimbangi kepedulian marang lingkungan bisa ndadhekake alam rusak nuwuhake bencana.
Dr. Anggoro ngelingake filosofi Jawa "Urip Urup"yaiku
hubungan timbal balik ssaling ngrumati lan nguripi antarane manungsa lan alam.
Kaya kang nate ditrapake dening leluhur Nusantara jaman dhisik.
Civitas akademik di ajab nduweni rasa bangga marang sejarah adheke AUB Surakarta kang di pangarsani dening pejuang 1945, M. A Tukidjo Martoarmodjo. Sejarah kasebut kudu dadi semangat gumregah lan nduweni rasa percaya dhiri kanggo terus maju lan bersaing kelawan perguruan tinggi liyane.
Rektor UNDHA AUB Surakarta
Dr. I Gusti Putu Diva Awatara, M.Si., ngaturake rasa bombong marang kabeh wisudawan sing wis kasil ngrampungake pasinaon.
Rektor ngandhakake yen wisuda dudu pungkasaning mahasiswa sinau,
nanging kawiwitan anggone nglekasanakake pengabdian ana sak tengahing masyarakat.
Rektor nandhesake komitmene ngleksanakake visi UNDHA AUB
Surakarta kanthi semboyan Adi, Unggul, lan Bhirawa, tumuju Muluk Kondang Kusumaning Bawono, kang tegese
mundhak ngrembaka misuwur kaya dene kembange donya.
Para alumni miturut Rektor diajab bisa dadi agen perubahan kang
tangguh, demen nyiptakake peluang wirausaha adhedhasar Pancasila, lan
nyengkuyung program Asta Cita Presiden Republik Indonesia, Bapak Prabowo
Subianto.
Rincian wisudawan semester ganep TA 2025/2026
Manut laporan resmi saka Prof. Dr. Etty Indriani, MM, M.Si.,
nganti semester iki, akumulasi lulusan UNDHA AUB Surakarta wis tekan 25.979
alumnus.
Sacara rinci wisudawan semester genap tahun akademin 2025/2026
Fakultas Ekonomi dan Bisnis (FEB):
S-2 Magister Manajemen: 81 mahasiswa
S-2 Magister Manajemen (Jalur RPL): 97 mahasiswa
S-1 Manajemen: 9 mahasiswa
S-1 Manajemen (Jalur RPL): 258 mahasiswa
S-1 Akuntansi: 3 mahasiswa
S-1 Akuntansi (Jalur RPL): 14 mahasiswa
D-3 Perbankan dan Keuangan: 5 mahasiswa
D-3 Akuntansi: 4 mahasiswa
Fakultas Ilmu Komputer (FIK): 32 mahasiswa (8 Pawestri,
24 Priya)
S-1 Sistem Informasi: 15 mahasiswa
S-1 Sistem Informasi (Jalur RPL): 6 mahasiswa
S-1 Sistem Komputer: 5 mahasiswa
S-1 Informatika: 6 mahasiswa
Fakultas Teknik (FT): 20 mahasiswa (Kabeh Priya)
D-3 Teknik Mesin: 17 mahasiswa
D-3 Teknik Elektronika: 3 mahasiswa
Lulusan Terbaik Saben Program Studi
S-2 Magister Manajemen: Daniel Hari Budiman, M.M. (IPK 4,00
/ Summa Cum Laude), Putra saking
Bapak/Ibu FX. Wiyono & Ch. Sutinah (Serengan, Surakarta).
S-1 Manajemen: Bonaventura Rexa Satria Prasetyawan, S.M.
(IPK 3,63 / Cum Laude) Putra saking Bapak/Ibu Yohanes Yuniar Prasetyo &
Maria Setiyawati, S.Pd (Jebres, Surakarta).
S-1 Akuntansi: Fadila Aziz Nastiti, S.Ak (IPK 3,85 / Cum
Laude) Putri saking Bapak/Ibu Rinto Widiantoro, S.Sos & Widyastanti
Prihatini (Jebres, Surakarta).
D-3 Perbankan dan Keuangan: Annisa Laily Rahmadani, A.Md. M
(IPK 3,91 / Cum Laude) Putri saking Bapak/Ibu Margit & Sri Handayani, SE.,
MM (Mojosongo, Boyolali).
D-3 Akuntansi: Saskia Putri Aulia, A.Md. Ak. (IPK 3,88 / Cum
Laude) Putri saking Bapak/Ibu Jamal Fathoni, S.Sn & Erlina (Jebres,
Surakarta).
S-1 Sistem Informasi: Ardiansyah Arya Yudhatama, S.Kom (IPK
3,88 / Cum Laude) Putra saking Bapak/Ibu Suyatno & Prihantini (Pasar
Kliwon, Surakarta).
S-1 Sistem Komputer: Firnandita Wijayanti, S.Kom (IPK 3,83 /
Cum Laude) Putri saking Bapak/Ibu
Mulyadi & Hartini (Banjarsari, Surakarta).
S-1 Informatika: Rivqi Maulana Zamri, S.Kom (IPK 3,66 / Cum
Laude) Putra saking Bapak/Ibu Parmin
& Sulastri (Tanon, Sragen).
D-3 Teknik Mesin: Achmad Dwi Nurcahyo, A.Md.T. (IPK 3,87 /
Cum Laude) Putra saking Bapak/Ibu Parti (Banjarsari, Surakarta).
D-3 Teknik Elektronika: Rijal Rosyadan, A.Md.T. (IPK 3,80 /
Cum Laude) Putra saking Bapak/Ibu Tukini
(Giriwono, Wonogiri).
Saliyane pelepasan wisudawan, ing kalodhangan kasebut uga
diserahake beasiswa Kartu Indonesia Pintar Kuliah (KIPK) saka Kementerian
Pendidikan Tinggi, Sains, lan Teknologi kanggo 179 mahasiswa (FEB: 123, FIK:
50, FT: 6), sarta Beasiswa Bantuan Biaya Pendidikan (BBP) kanggo 2 mahasiswa./ Jk/ Red

