Tradisi Yaa Qowwiyu Ki Ageng Gribig, Ngalap Berkah Lumantar Apem Ana Ing Jatinom, Klaten

Sebaran apem Yaa Qowwiyu Ki Ageng Gribig, ana ing jatinom Klaten

Tradisi lan Budaya - Sasi Sapar tumrape warga Jatinom, Klaten, dadi wulan sing bisa nekake berkah rejeki. Jalaran ana ing sasi Sapar warga Jatinom ngleksanakake tradisi adat Yaa Qowwiyu sebaran apem Ki Ageng Gribig. Seangga warga Jatinom dumadhakan pada bebakulan kue apem ana sapiturute dalan tumuju menyang makam Ki Ageng Gribig. Wiwit saka pasar Jatinom nganti tumeka makam, bakul apem jejer jejer padha nawakake dagangane menyang pawongan kang neneka arep nonton sebaren apem.

Miturut Bu Yani, salah sajine warga Jatinom sing dodol apem nalika tradisi Yaa Qowwiyu di leksanakake ngandhakake,  kajaba nyepakake kue apem kanggo dodolan, Yani uga menehi sedekah apem menyang panitia sebaran apem Yaa Qowwiyu.  Gunggung cacahe pitung tangkep utawa pat belas apem. Sedekah iki uwis dadi tradisi nalika Yaa Qowwiyu di leksanakake dina Jumat sabubare sholat Jumat antara tanggal 12 nganti tumeka 18 Sapar. 

“ Uwis dadi tradisi nalika sebaran apem Yaa Qowwiyu Ki Ageng Gribig di leksanakake, warga Jatinom kabeh pada menehi sedekah kue apem pitung tangkep. Tradisi iki kanggo ngelingake sarta ngajarake menyang masyarakat, anggone nuwuhake rasa peduli marang sesama ‘ Ujare Bu Yani nandhesake katerangane.

Isih miturut kandhane Bu Yani, saka sepisan kawiwitan nganti tumeka rampungan Yaa Qowwiyu,  Yani bisa ngenthekake bahan baku tepung beras kurang luwih bobot 100kg. Liyane tepung terigu ana bahan baku margarine lan gula. Rasane kue apem saiki bisa manekewerna rasa saantarane, nangka, original, coklat lan kelapa. Anggone menehi sedekah kanggo sebaran apem ora di temtukake rasane, nanging sing isih di demeni wraga masyarakat yha iku rasa original.

‘ Kajaba rasane gurih, varian apem rasa original pinanggep apem tradisi sing uwis di gunakake Yaa Qowwiyu atusan tahun kawuri. Apa maneh miturut ceritane para sesepuh, Nyai Ageng Gribig nalika nggawe kue apem rasane original. Mung wae varian rasa sak iki kudu dikompliti,  kanggo kebutuhan pasar’ Jelas Bu Yani ana ing katerangane.

Kue apem sing di dol menyang penonton di wadahai cup plastic. Regane limalas ewu lan sepuluh ewu, gumantung cacah isine apem. Ana sing isi wolu, sepuluh lan rolas apem. Penonton sing padha kepingin ngalap berkah bisa tetukon apem, banjur di wenehake menyang panitia Yaa Qowwiyu. Sabanjure di tampa panitia, di dadekake siji ana nduwur menara kang di gunakake kanggo nyebarake apem. Di terangake, anggone nggawe apem sing sepisan kawiwitan nyepakake tepung beras di campur tepung terigu. Takarane tepung sekilo beras, seprapat terigu. Yen uwis di campur nyawiji banjur di wenehi banyu di udak di dadhekake jladrenan.

Sauwise dadi jladrenan, di enepake kurang luwih enem jam. Di fermentasi amrih jladrenan bisa ngembang lan empuk nalika di goreng ana wajan cetakan. Sak durunge di cetak ana njero wajan, jladrenan di wenehi margarine kanggo empukake apem. Varian rasa di campur nalika jladrenan arep di goreng ana wajan cetakan apem. Rasa kelapa, ana saduwure apem di wenehi rajangan kelapa. Rasa nangka, saduwure apem di wenehi rajangan woh nangka. Rasa original ora nganggo tetambahan varian rasa.

Tradisi sebaran apem Yaa Qowwiyu miturut Bu Yani, mandeg rong taun jalaran wabah pandemic covid19. Nalika mandeg anggonne dodolan apem di tawakake menyang pasar online. Asile ora akeh, amung cukup kanggo balikake modal bahan baku. Yuni lan warga liyane kepingin, apem Jatinom bisa dadi branding UMKM masyarakat Jatinom, saengga bisa nduweni nilai tambah ekonomi keluargane. Taun iki di akoni Yuni, asile dodolan kue apem cukup kanggo nambahi ekonomi keluargane. Tonggo lan sedulur sing longgar di ajak dodolan bareng, bathine sebageyan di andumake, amrih kabeh bisa ngrasakake berkah sebaran apem Ki Ageng Gribig.

Akeh nilai luhur sing bisa di jikuk saka tradisi Sebaran Apem Yaa Qowwiyu Ki Ageng Gribig sing di leksanakake dening P3KG ( Pengelola Pelestari Peninggalan Ki Ageng Gribig) lan Pemerintah Kabupaten Klaten, liwat Forkompimca lan Forkompimda Kabupaten Klaten.

Miturut kandhane Muhamad Barid, koordinator pos jaga makam Ki Ageng Gribig saka P3KG, tahun iki apem sing di sebarake gunggung bobote lima tumeka enem ton. Apem iki saka warga masyarakat  Jatinom lan warga njaba desa sing pada ngalap berkah. Apem sedekah warga masyarakat di klumpukake ana ing menara sisih wetan lan kulon ing tengah oro oro sendang plampeyan. Sebagian apem di manfaatake kanggo nggawe gunungan sajodo, lanang lan wadon pinangka simbol anggone jejodohan ing alam ndonya. Jejodohan nduweni makna keseimbangane bebrayan ageng, njejega kelestarian lan keselamatane alam semesta.

Sadurunge di sebarake menyang warga, gunungan apem sajodo luwih disik di dongani para kyai. Gunungan sajodo di papanake ana ing pendaha sacedake mesjid agung Ki Ageng Gribig. Sabubare ngleksanake sholat Jumat, gunungan apem sajodo banjur di arak tumuju menyang oro oro sendang plampeyan. Pangiringe gunungan cacah loro diwenehi lelagon sholawate para santri P3KG. Saka pendapa menyang oro oro kurang luwih jarake rong atus meter. Tumeka nduwur panggung oro oro sendang plampeyan, abdi dalem ulama Keraton Solo banjur ndedonga marang Gusti Allah, nyeyuwun kanugerahaning berkah lan rahmate pangeran kang maha suci, dene acara tradisi Yaa Qowwiyu uwis paripurna katutup kanthi tradisi sebaran apem.

Rampunge pandonga, apem sing ana gunungan banjur di sebarake menyang panonton sing ana ngisor panggung. Ewon panonton padha rebutan apem saperlu kepingin melu ngalap berkah apem Ya Qowwiyu. Miturut kaprecayane warga masyarakat, apem Yaa Qowwiyu bisa dadi sarana berkah anggone golek sandang pangan lancar. Tetanen subur makmur lan kasil apa sing dadi gegayuhane. Kabukti nganthi tumeka saiki panontone ora sansaya suda, nanging malah sansaya akeh.

Kaya dene Warsiti, warga Polanharjo Klaten iki saben taun melu rebutan apem Yaa Qowwiyu ana ing Jatinom, Klaten. Deweke precaya, apem Yaa Qowwiyu bisa dadi sarana anggone ngalap berkah asile tetanen subur makmur. Kanthi cara di garingake di campur pupuk, asile tetanene Warsiti subur makmur. Setahun bisa panen kaping telu. Nalika tegal tetanene tonggo desa di serang hama, tegal tetanene Warsiti ora ngapa apa, isih subur lan panen kaya padhatan saben taun ping telu. Kaprecayaan iki ora saben pawongan bisa ngetutake, jalaran gumantung ana ing rasa lan sugesti kapribadene dewe

Tradisi sebaran apem Yaa Qowwiyu kawiwitan nalika Ki Ageng Gribig kondur saka Mekah, sabubare munggah haji. Saka Mekah Ki Ageng Gribig nggawa oleh oleh roti gimbal cacah telu banjur diandumake marang keluarga lan santri. Keluarga, santri lan masyarakat sing mangerteni padha njaluk, amarga kaprecayane nggawa berkah saka tanah suci. Ngengingi Roti gimbal ora cukup di bagiake, Ki Ageng Gribig banjur akon Nyai Ageng gawe jladrenan tepung beras di campur sisa roti gimbal.

Jladrenan tepung beras kang uwis dadi banjur digawe apem dening Nyai Ageng Gribig. Sauwise kue apem mateng lan cukup gunggung cacahe, sabubare sholat Jumat banjur di bagiake dening Ki Ageng Gribig menyang warga masyarakat lan santri santrine. Kawiwitan saka kedadeyan andum kue apem, sebaran apem banjur dadi tradisi ana ing Jatinom.

Miturut cerita, Ki Ageng Gribig urip nalika jamane nata Mataram Kanjeng Sultan Agung. Nama KI Ageng Gribig kasebut saka gentur anggone laku tapa ana njero gua katutup bethek gribig. Sengga dening masyarakat kasebut nama Ki Ageng Gribig. Akeh versi nyeritakake, Ki Ageng Gribig pinangka waliyullah turunane nata Majapahit. Nalika isih timur asmane Wasibagno. Nanging ana versi cerita liyane miturut babad, Ki Ageng Gribig putrane nata Majapahit, Brawijaya V. Anggone nyebarake siar ana ing wewengkon Jatinom, amarga di akon dening Sunan Pandanaran utawa Sunan Bayat./ Djk