Dedaharan - Sinergitas sektor wisata ora cukup di leksanakake para stekholder lan pemangku wisata, nanging obyek wisata kang ana wewengkon pariwisata kabeh kudu bisa sinergi nyawiji tuwuh dadi siji saengga bisa dadi destinasy wisata unggulan. Jalaran yen ora di sinergiake, para pengelola wisata kabeh padha maju dadi competitor, tundhane ndadhekake persaingan usaha ora sehat. Kasile usaha wisata bisa mandheg ana tengah ndalan.
Babagan iki yen ora di waspadakake bisa gawe kapituna marang destinasi wisata. Mula saka iku pengelola wisata lan obyek wisata kudu bisa sinergi siji lan sijine, antara liya kelawan liyane. Kaya dene ide pengelolaan destinasy wisata kang di cakake Haji Danang Subiantoro ana ing wewengkon Desa Cokrotulung, Kabupaten Klaten.
Uwis ora dadi rahasia umum maneh, Cokrotulung pinangka wewengkon kang nduweni andalan sumber daya alam mawujud sumber banyu. Ana ing Cokrotulung saben dina ora nate kekurangan banyu, senadyan ngancik mangsa ketiga. Tetani pari ora nate mandheg anggone panen, mula saka iku ora gumunake menawa Cokrotulung lan sakiwa tengene klebu lumbung pangane warga masyarakat Kabupaten Klaten.
Saliyane dadi lumbung pangan, warga masyarakat ing kutha kutha sakiwa tengene Kabupaten Klaten uga ngandelake sumber banyu Cokrotulung kanggo konsumsi saben ndinane. Di tambah maneh perusahaan banyu mineral danone, asile produksi banyu migunakake saka sumber banyu Cokrotulung.
Miturut cerita tutur satengahe masyarakat, jaman dhisik Desa Cokrotulung ana sumber banyu kang gede banget tuk iline. Sumber banyu iki miturut cerita bisa dadi segara tawa yen ora di tutup kelawan salah sijine pawongan linuwih. Liwat manekawerna cara laku prihatin, sumber banyu kang iline santer banjur di tutup migunakake brambut.
Wiwit di tutup kelawan pawongan linuwih, sumber banyu kang metu saka njero lemah banjur pecah dadi ewon gunggung cacahe. Awit saka cerita tutur jaman simbah simbah mbiyen, nganti tumeka saiki Cokrotulung kebak sumber banyu kang bisa di manfaatake kanggo obyek wisata air. Saliyane obyek wisata pemandian, warga masyarakat manfaatake iline sumber banyu kanggo tetani mina lan kebutuhan liyane.
Asile pengelolaan obyeka wisata air saka sumber daya alam saben taun bisa tumeka atusan yuta rupiah. Apa maneh di gunggungake antara asile produksi minatani lan lan obyek wisata, bisa nganti tumeka puluhan milyar. Babagan iki kanyata mratelake, banyu dadi sumber panguripane manungsa. Urip ora mung ateges kanggo nyukupi kebutuhane raga, nanging urip kang nguripi manungsa sacara nyata lan utuh. Menehi panguripan tumrap kasarasan, ekonomi lan sosial.
Nanging senadyan sumber banyu bisa ngasilake ekonomi liwat sector tetanen lan mina, sector wisata kang dadi piandele pemerintah daerah uga kudu di budi daya amrih bisa maju. Pengelolaan obyek wisata air wektu iki ana ing Cokrotulung kanyata isih durung maksimal, mula saka iku sinergitas kabeh sector dadi kawigatenene para stekholder, salah sijine Danang Subiantoro. Liwat ide kreatife Danang Subiantoro kasil wewangun obyek wisata anyar ana ing Cokrotulung kanthi nama Lumpang Cokro.
‘Obyek wisata iki satemene resto kuliner kang nyawisake panganan desa tempo dulu, sarta bisa dadi papan edukasi generasi muda marang kabudayan lami, mligine nepungake marang budaya kuliner’ Jelas H. Danang Subiantoro ana ing katerangane.
Resto Lumpang Cokro Haji Danang ngandhakake, dudu resto mligi kang nyawisake menu kaya dene resto umume. Nanging resto Lumpang Cokro kanggo papan edukasi tetepungan marang panganan ndeso tempo dulu kang kebak makna sarta pigunane. Kabukti pawongan jaman ndhisik yuswane bisa nganthi tumeka atusan taun, amarga dedaharane saben ndina amung panganan ndesa. Menu dedaharan lami dening Haji Danang di olah digunakake kanggo menu dedaharan ana ing Lumpang Cokro. Di ajab menekawerna menu ndesa bisa dadi daya tarik wisatawan betah neneka menyang Cokrotulung. .
Alesane Danang Subiantoro ngadhekake Lumpang Cokro amarga wektu iki Cokrotulung amung dadi obyek wisata ampiran, durung bisa dadi destinasi wisata unggulan. Kabukti wisatawan sing padha neneka menyang Cokrotulung tumujune amung wisata air, durung ana obyek wisata kuliner, penginapan lan wisata liyane sing bisa di andelake. Saengga wisatawan neneka sing padha kepingin dahar, kabeh mlayu menyang Kartasura utawa menyang Solo. Kedadeyan iki ndadhekake keprihatinane Danang Subiantoro anggone kepingin ndadhekake lemah kelairane destinasy wisata unggulan ana ing Pemkab Klaten.
Liwat ide kreatif sarta di biyantu dening keluargane, Danang kasil wewangun Lumpang Cokro kanthi migunakake gaya wewangunan vintage jawa, jinis wewangunan kang ora ninggalake arsitektur jawa. Saantarane kandang kebo di wewangunan minangka papan dahar lan jejagongan. Ana ing salah sijine cagak di wenehi tulisan iki dudu kandang kebo. Pratelane ngandhakake yen to kandang kebo sing ana Lumpang Cokro amung mawujud kandang, nanging satemene di gunakake kanggo papan jejagongan lan dahar dedaharan ndesa.
Katerangan iki mratelakake yen to pawujudan iku satemene amung semu, padha rupa durung temtu padha pigunane. Kabeh gumantung kebutuhan ana ing papan panggonanane. Wewangunan kandang kebo ana resto, temtu ora di gunakake kanggo ngandangake kebo. Semana uga suwalike, resto ana kebone temtu ora trep marang suasanane. Akeh makna wewangunan ana ing Lumpang Cokro kang ngemu symbol pitutur luhur saantarane, becak lan lampu pom sing ana sisih bageyan ngarep resto Lumpang Cokro.
Makna iki di artiake urip iku ora perlu kemrungsung, alon alon waton kelakon. Alon ora ateges mlaku timik timik, nanging alon alon nduweni karep ati ati anggone mlaku ana ing bebrayan ageng. Kaya dene mlakuke becak, alon alon nanging kelakon menyang tujuane. Roda becak gunggung cacahe telu nduweni karep urip iku kudu selaras antarane manungsa kelawan manungsa, manungsa kelawan alam lan manungsa kelawam Gusti Kang Maha Penciptane.
Makna urip liyane ana ing lampu pom, senadyan amung sak urupe bahan bakar lenga, nanging tetap migunani tumrap liyan. Semana uga manungsa urip ana ing bebarayan agung, satemene sabecik becike pawongan iku menawa bisa gawe pepadang marang liyan.
Lumpang lan kukusan kang di delehake ana sapiturute dalan mlebu menyang resto nduweni kekarepan, budaya luhur iku becike dilestariake kanggo pituduh lan piwulang anak putu, nanging budaya luhur kudu bisa selaras marang kondisine jaman. Keselarasan iki di simbolake ana tutup seng werna silver kang nutup pucuke kukusan, di artiake minangka symbol generasi milenial.
Lawang mlebu menyang Lumpang Cokro di wewangun gunggung cacahe loro. Siji liwat lawang gebyok kayu duwure kurang luwih siji setengah meter, sijine liwat akses sakiwa tengene gebyok kayu. Lawang gebyok pinangka cara anggone menehi piwulang pikormatan liwat laku urip bebrayan nalika pawongan neneka menyang Lumpang Cokro. Pawongan sing padha liwat lawang gebyok kayu sacara otomatis mlakune mundhuk ndingkluk. Di ajab ana ing maknane pawongan neneka bisa mangerteni rasa tepa selira lan ngormati marang liyan, mligine pawongan kang nduweni omah.
“ Sacedake lawang gebyok di wenehi hiasan manekawerna alat alat dapur jaman kuna ‘ Ujare Danang nambahi katerangane.
Alat alat pawon iki ora mung di gunakake kanggo hiasan arsitektur Lumpang Cokro, nanging kanggo nepungake marang generasi milenial alat alat pawon kang nate di gunakake dening simbah simbah mbiyen. Kanyata akeh generasi milenial padha takok kawigatenane alat alat pawon kaya ta senting, kukusan, adang adangan, cetakan apem, lumpang, tompo, entong lan sapanunggalane. Kabeh alat alat pawon iki mligi digawe saka bahan baku deling lan kayu.
Saliyane nepungake bahan bahan pawon tempo dulu, wewangunan Lumpang Cokro sangang puluh persen migunakake bahan baku kayu. Dalan mlebu menyang resto secara mligi ora di cor migunakake semen, nanging migunakake limbah kayu glugu kang uwis ora di gunakake banjur ditata ana lemah kanggo akses dalan pawongan mlaku. Bahan baku iki mratelakake perlune ngrumat bumi, kabeh ora di cor saengga bumi isih nampa telesing banyu saka langit. Tetanen uga isih bisa tuwuh ana Lumpang Cokro.
Pawongan sing padha neneka menyang resto Lumpang Cokro kajaba di wenehi suwasana santai, uga bisa sacara langsung ngrasakake indahe suwasana sawah padesan lan gemrojoke iline banyu. Tumrape para generasi muda, di cawisake papan jagongan ana nduwur kolam saengga bisa sacara langsung ngrasakake sumilire angin sawah.
Ana ing tengah kolam di cawisake perahu kanggo para wisatawan sing padha kepingin praon utawa selfi. Mligine menu dedaharan sing di cawisake ana Lumpang Cokro, di masak kanthi cara tempo dulu. Bahan baku masak migunakake tetanen asli saka padesan, alat alat pawon migunakake gerabah saengga rasane ngethokake cirri mligi menu Lumpang Cokro.
Kaya dene menu dedaharan ayam bakar Lumpang Cokro. Menu iki nduweni cita rasa mligi Lumpang Cokro, amarga di masak sacara mligi dening Danang Subiantoro. Senadyan arane ayam bakar, nanging aromane dedaharan ngethokake aroma asap. Jalaran anggone mbakar daging liwat proses pemanasan ana njero gerabah, saengga asap kang di ethokake nandhesake aromane.
Liwat proses pengasapan ana gerabah, daging ayam bisa kasil luwih keset sarta teksture renyah. Asile lemak kang ginayut ana daging pada metu nalika di bakar liwat proses pengasapan. Kanggo njangkepi menu ayam bakar asap, Lumpang Cokro nyawisake menu istimewa buntil lan dedaharan ndesa liyane. saantarane sayur terong, sayur tuntut kembang pisang, bothok mlanding, gereh blanak, oblok oblok lan sayur ndeso liyane.
Inumane menu khas Lumpang Cokro yha iku Purwocokro. Inuman iki katelah saka tetanen purwo ing pereng wewengkon Dieng, nanging di ramu kelawan rempah rempah saengga khasiate bisa ndadhekake awak sehat ora gampang kena lelara masuk angin. Saliyane menu menu kang cumawis ana ing pawon Lumpang Cokro, asile panganan produk UMKM warga masyarakat Cokro melu di cawisake dadi siji ana Lumpang Cokro. Di ajab liwat cara iki produk UMKM bisa di pasarake sinergi bebarengan.
‘Obyek wisata liyane uga di pasarake bareng Lumpang Cokro liwat program paket wisata ana ing jasa pariwisata lan perhotelan’ terang Uun Dyah Trisnawati, tim managemen pemasaran Lumpang Cokro nalika menehi katerangan babagan pemasaran paket wisata.
Lumpang Cokro nduweni motto cacah telu sing sepisan melu handarbeni, wajib hangrungkebi lan mulat sarira tunggal. Di artiake melu handarbeni kabeh pawongan sing padha makaryo ana Lumpang Cokro nduweni rasa melik, sarta wajib ngrumat sakabahe. Yen uwis nduweni rasa melik lan ngrumat, tundhane bakal nunggil sarira saengga nyawijine rasa bisa ndadhekake ngrembakane Lumpang Cokro. / Tok

