SURAKARTA WAYAH WENGI
Dening : Zuly Kristanto
Ana tamu nyalawadi
Kang tekane mbarengi
Arum gandane kembang mlathi
Kang tinandur sauruting dalan Slamet Riyadi
Nganti dalan Ir Sutami
Kanthi alon tanganku dituntun menyang
Awang-awang
Dheweke kepingin aku salaman klawan para lintang
Kang tanpa kendhat aweh pepadhang
Nanging kerep dilalekake
Amarga isih akeh wong kang wedi luwe
Samungkure wengi rampung anggene tandang gawe
Nalikane para bakul ing Pasar Gedhe
Siji mbaka siji ngudhunake dhagangane
Dheweke ngajak nonton bangjo prapatan Sekarpace
Kang tansah males anggene nyambut gawe
Senajan rembulane wis suwe anggene ndhoyong
Mangulon ing angkringane Pak Gondrong
Isih akeh para mudha kang nongkrong
Ngrembug kreweng gosong
Lan atine kang kopong
TULUNGAGUNG
