Ngalap Berkah Rebutan Pitik Ana Ing Tradisi Mandasiya

Rebutan pitik ana ing Mandasiya


Tradisi lan Budaya - Warga Dusun Pancot lan Blumbang sing urip ana pereng Gunung Lawu saben tahun tansah ngleluri sarta naluriake manekawerna tradisi adat sing uwis kaleksanan atusan tahun kawuri. Tradisi adat kasebut biasane di leksanakake nganggo petung wuku sing ana sak jroning kalender taun Jawa. Saben sak wuku ana 7 dina, yen di kali  30, total jumlahe 210 dina. Saengga yen miturut petungane wuku, kurang luwih saben 7 sasi sepisan warga wasyarakat ngleksanakake tradisi adat.

Masyarakat sing padha ngleksanakake tradisi adat kasebut pinangka sarana anggone wujudake rasa syukur marang Gusti kang uwis maringi berkah nikmat lan rahmat marang warga desa, saengga warga bisa urip mulya lan kecukupan. Makna mulya lan cukup ora mung banda donya, nanging uga kabeh panguripane diwenehi kamulyan. Gampang anggone tetanen amarga lemahe subur. Makmur uripe amarga asile akeh, di wenehi katentreman jalaran tansah ngucap syukur marang Gusti lan para leluhur.

Lumantar tradisi adat kearifan local, warga masyarakat mujudake urip kang urup. Urip ora mung kanggo nguripi panguripane dewe, nanging kudu bisa urup marang mahkluk kabeh kang cinipta dening Gusti Allah. Mahkluk ora mung manungsa lan kewan, nanging tetanen sarta bangsa ghaib uga klebu mahkluk kang di ciptaake dening Allah. Saengga bisa wujudake kelanggengan bebrayan ana ing jagat gede, memayuhayuning bawana.

Salah sijine tradisi sing di leksanakake warga Dusun Pancot nalika wuku Mandasiya yha iku bersih desa menehi sesaji ana ing punden balai patokan. Punden desa sing nduweni sujarah tutur gegayutan marang Pertapaan Pringgondani. Sajroning Dusun Pancot ana padukuhan cacah loro yha iku Pancot Lor lan Pancot Kidul. Nalika tradisi adat Mandasiya di leksanakake, warga desa rong padusunan kasebut guyub rukun gotong royong tandhang gawe reresik punden. Ngadekake penjor, gawe sesaji, sarta nyawisake uba rampe lan sapanunggalane.    

Sular, dalang ruwat lan sesepuh warga desa kang jejibahan mangarsani tradisi adat Mandasiya ngandhakake, Mandasiya uga kasebut tradisi bersih desa. Taun iki pelaksanaane bebarengan klawan perayaan Tri Suci Waisak 2569 Buddhis Era (BE) utawa tahun 2025. Tradisi adat Mandasiya imbuh kandhane, uwis di leksanakake para leluhur sacara turun temurun. Kapan kawiwitane ora dingerteni, amarga warga Desa Pancot lan desa sekitare sak iki amung ngetutake tetilasane para leluhur, di ajab lestari sepanjang masa.

Saben dusun ngenengake Mandasiya miturut tradisine dewe dewe. Dusun Blumbang tetangga Dusun Pancot, ngenengake kanthi cara sedekah ana ing Pertapaan Pringgondani.  Dusun Kalisoro uga ngenengake sedekahan. Dusun Pancot Lor lan Pancot Kidul ngenengake pentas kesenian reog lan rebutan pithik kang dadi tradisi unik ana ing Dusun Pancot. Ora lali warga uga ngaturake manekawerna sedekah ana njero punden pedanyangan balaipathokan. Puncake tradisi Mandasiya, sesepuh desa bebarengan ngleksanakake siraman banyu badek ana ing watu gilang Prabu Baka

 Sing unik maneh nalika tradisi kasebut di wiwiti, para niyaga warga masyarakat tetabuhan ngungelake gamelan tuk prul. Gamelan keramat laras slendro sing dadi kelangenan pepunden desa. Gamelan iki ora kaya gamelan lumrahe laras slemdro, amarga ana salah sijine kenong sing ilang wilahe. Saengga yen di tabuh larase ana sing luput, nanging senadyan larase blero suarane malah dadi kelangenane pepunden desa’ Ujare Sular nerangake.

Pemerintah Kabupaten Karanganyar ndadhekake tradisi adat Mandasiya agenda wisata taunan ana ing Kecamatan Tawangmangu, saengga saben tradisi kasebut di leksanakake, di ajab bisa kanggo sarana mbangun ekonomi kreatif. Tradisi adat Mondosia kawiwitan sak bubare ba’da ashar nganti tumeka rampung. Sak jroning tradisi kasebut akeh tata cara sing kudu di leksanakake miturut paugeran adat kang uwis dileksanakake turun temurun.

Ibu ibu kang jejibahan masak sesaji  ora dientukake nyicipi sesaji. Yen larangan kasebut di langgar bakal nemoni bebaya lan lara. Awit saka wewaler kasebut, ora kabeh pawongan di keparengake melu masak sesaji. Amung warga tertemtu sing biasa masak sesaji kedapuk dadi tukang masak. Duwit kanggo wragat bersih desa di klumpulake lewat swadaya warga masyarakat sing peduli. Jalaran senadyan uwis kawiwitan ing jamane simbah simbah, isih ana warga dusun sing ora peduli. Saben siji kepala keluarga ngethokake duit kanggo urunan gedene kurang luwih 20ewu di tambah beras sekilo, gumantung saka asile kesepakatane warga.

Asile duwit swadaya  kabeh di gunakake kanggo nggawe uba rampe sesaji lan keperluan liyane.  Pemerintah Kabupaten Karanganyar di ajab saben tahun bisa melu menehi anggaran kanggo pelaksanaan tradisi adat Mandasiya. Amarga tanpa peran sarta pemerintah lewat dinas ginayut, destinasi wisata sing ana ing daerah angel bisa maju. Butuh kerja bareng kelawan para stekholder lan masyarakat.

Pemerintah daerah minangka panggawe kebijakan temtu bisa gawe abang ijo majuake sektor wisata kang ana ing wilayahe. Pihak swasta bisa di ajak kerja bareng majuake sektor ekonomi kreatif lan promosi. Masyarakat naluriake sarta mbudidaya lestarine kabudayaan lan tradisi ana ing desane. Potensi sumberdaya alam, budaya lan tradisi yen di olah kanthi bener sarta professional, temtu bisa maju lan kawentar, nanging kawentar lan ngrembaka ojo nganti ngilangake nilai nilai luhur budaya sing ana.

Manekawerna sesaji sing di wenehake ana njero punden balai pathokan saantarane sayur ares, tumpeng, ingkung pithik jago, ingkung panggang, tumpeng gandik, jadah geger sapi sing di gawe saka glepung beras, sesaji jajan pasar, banyu badek utawa banyu sing di gawe saka fermentasi tape, sarta uba rampe liyane. Tumrape warga desa kang padha jejibahan masak sesaji, ana wewaler sing ora entuk di langgar yha iku melangkahi kayu bakar.

Kandane sesepuh desa, melangkahi kayu bakar kaya dene melangkahi pepunden desa, saengga kaprecayane ora elok, bisa kuwalat. Kanggone pawongan njaba desa sing ora nate krungu pantangan kasebut pinanggep tahayul, nanging ana ing Dusun Pancot, warga ora wani melanggar. Amarga kang sapa nerak bakal kesiku.

Miturut cerita, uwis tau ana kedadeyan nalika salah sijine warga desa melanggar wewaler, ora suwe cangkeme perot. Yen uwis kedadeyan cilaka, warga desa kasebut  kudu njaluk pangapura ana ing punden pedhanyangan. Gandik abang lan banyu badek dadi salah sijine sesaji sing kudu di cawiskake mligi nalika ngleksanakake tradisi Mandasiya. Gandik abang nduweni makna badan aluse Prabu Baka nalika di kalahake dening Jabang Tetuka.

Di ajab pinangka sarana gandik abang, badan aluse Prabu Baka bisa sowan marak ana ing ngarsane Pangeran Kang Murbeng Dumadi, di wenehi pangapura sedaya kaluputane sing nate di tindhakake marang warga desa.  Kanggo symbol badan alus kasebut bisa munggah menyang kasuwargan, gandik abang di uncal uncalake utawa di bandhemake menyang penonton kanggo rebutan.

Di terangaka cerita tutur babad sekawite tradisi Mandasiya ana ing Dusun Pancot.

Kawiwitan saka Prabu Baka, nata binantara kang nduweni watak aluamah demen dahar manekawerna daging.  Saben dina dedaharan sarwa enak, uripe mung  kanggo nuruti hawa nepsu. Senadyan rakyate urip sengsara  nanging Prabu Baka ora nate peduli. Salah sijine wektu, Prabu Baka kepingin di masakake daharan sing paling enak. Mbok Randa, abdi dalem juru masak entuk jejibahan masak sayur pandemenane Prabu Baka. Manekawerna jinis masakan uwis di masak lan di cawisake dening mbok Randa, nanging anggone dahar Prabu Baka durung ngrasakake rasa enak. Padahal kanggone para abdi dalem  sing ngrasakake dedaharan, rasane uwis enak banget. Sayur lan daging komplit rasane enak ora ana sing kurang.

Nanging senadyan enak, tumrape Prabu Baka rasa kasebut durung mranani ana ing penggalihane. Awit saka iku Prabu Baka njaluk marang mbok Randa saben dina dedaharane gonta ganti manekawerna sayur. Katuju ana ing salah sijine dina, nalika satengahe rajang rajang sayur, drijine mbok Randa ke iris pisau lan daginge mlebu menyang sayuran nyawiji melu di masak.   Sabubare di masak banjur mateng lan di cawisake, Prabu Baka ngrasakake ana daging rasane enak banget, ora kaya rasane daging  padhatan sing di masak saben dina.

Saka katerangane mbok Randa,  Prabu Baka mangerteni menawa masakan sing di dahar kecampur daging lan getih manungsa. Kawiwitan saka kedadeyan kasebut,  saben dina Prabu Baka njaluk di cawisake daging manungsa kanggo dahar. Warga desa sing ora dosa saben dina di jikuk siji siji kanggo tumbal Prabu Baka. Suwe suwe manungsane entek, ora ana maneh warga desa sing gelem dadi tumbal, kabeh mlayu lunga saka desa golek slamet uripe dewe dewe.

Saengga sansaya suwe rakyate entek, desa sing asale rame malih sepi. Ngancik ana ing titi mangsane, Prabu Baka njaluk tumbal anake mbok Randa sing isih cilik. Saben dina mbok Randa nangis amarga ngerasakake ora bisa upaya apa apa. Ora suwe maneh deweke bakal pisah kelawan anake. Saben dina bisane jaluk wektu marang Prabu Baka, sarta nyeyuwun marang Gusti di ajab entuk pitulungane Pangeran Kang Maha Agung.

Ana sajroning pertapaan sacedake puncak Gunung Lawu, Jabang Tetuka ngrasakake dusun dusun sing biasane rame saiki suwasanane sansaya sepi. Warga desa sing biasa ngarit menyang tegal lan alas uwis ora kethok ana pawongane. Lampu sentir sing biasane urupe sarwo rintik di sawang saka nduwur gunung saiki pada mati. Suwasanane desa kathon mati, esuk awan sore ora ana pawongan sing kethok.

Ngengingi suwasana kasebut, Jabang Tetuka banjur mudun saka pertapan mlebu menyang dusun kepingin weruh kasunyatane. Nalika liwat ana ngarep omahe mbok Randa, Jabang Tetuka keprungu pandongane mbok Randa marang Gusti, saengga mangerteni kedadeyan sing ndadhekake dusun sepi.  Jabang Tetuka banjur nemoni mbok Randa sarta saguh ngganteni dadi tumbal kanggo Prabu Baka. Ngancik ana ing titi wancine, Jabang Tetuka malih rupa mawujud bocah di tuntun mbok Randa di aturake kanggo tumbal menyang Prabu Baka.

Prabu Baka sing mangerteni tumbal daging manungsa saka mbok Randa, atine bungah banget, amarga sedelok maneh deweke bakal dahar daging enak lan empuk. Nanging nalika siap di dahar, kanyata bocah cilik kasebut daginge ulet, siunge Prabu Baka ora kuat nandes mlebu menyang daging. Senadyan di cokot nganggo cara apa wae tetap ora tedhas. Saking bingunge  arep mangsa daging manungsa ora tedhas, Prabu Baka ngamuk. Nanging bocah cilik sing dadi tumbal kasebut malih rupa mawujud Jabang Tetuka, otote kawat, balunge wesi ora, tedhas tapak palu lan sanjata.

Mangerteni bocah sing arep dimangsa kasunyatane liya, Prabu Baka ngamuk banjur kedadeyan perang. Nalika perang kasebut, Jabang Tetuka njikuk watu gilang saka segara kidul banjur di antemake menyang sirahe Prabu Baka nganti pecah. Awake di pancat lan siunge di tarik copot. Jalaran saka kedadeyan Jabang Tetuka mancal awake Prabu Baka, papan sing kanggo perang banjur kasebut aran Dusun Pancot.

Siunge di guwak malih tetanen bawang. Watu Gilang sing kanggo ngepruk sirah banjur di selehake ana papan kang saiki katelah punden watu gilang. Papan padunungane Prabu Baka saiki katelah aran  punden balai pathokan. Sak uwise Prabu Baka tiwas, banjur menehi piweling marang warga desa, ing tembe saben ngancik Wuku Mandasiya watu gilang di grujuk nganggo banyu badek kanggo ngresiki getihe Prabu Baka sing nate nemplek ana watu.   

Awit saking cerita tutur kasebut, nganti teka saiki warga desa sing ana sangisore Pertapaan Pringgondani, saben wuku Mandasiya ngeleksanakake tradisi bersih desa.  Nalika tradisi bersih desa kasebut di leksanakake, warga sing nate nduweni nadhar ngalap berkah ana punden balai patokan lan kasil hajade, padha ngeculake pithik urip kanggo rebutan warga. Gunggung cacahe pitik nganti tumeka puluhan ekor.

Kaprecayane, warga desa sing entuk pithik nalika rebutan bakal oleh berkah murah sandang pangan. Saliyane rebutan pithik, ana uga pentas reog pinangka simbol kekuatan sarta kegagahane Jabang Tetuka. Amarga saka kaprecayan kasebut, para pelaku seni paguyuban reog padha sanggarake barongan macan ana ing Pertapan Pringgondani. Kaprecayane Barongan sing di sanggarake bakal nuwuhake daya kekuatan ghaib saka sawabe sang Jabang Tetuka./ Jk