Rena Rena - Pengetan ambal warsa kaping-81 tahun Kamardikan Republik Indonesia ora mung kanggo momentum ngramekake acara kasebut, nanging uga pinangka dadi sarana anggone ngelingake labuh labete para pahlawan kang wis gugur ana ing palagan nggayuh kamardikane bangsa lan negara.
Mula saka iku, minangka generasi penerus perjuangan, dikarepake kita kabeh bisa ngisi kamardikan iki kanthi maneka warna kegiyatan kang positif sarta migunan tunrap kapribaden, keluwarga lan masyarakat, masiya kegiyatan kasebut mung katon prasaja.
Semangat iki sing di usung dening Hotel Horison Aziza Solo nalika ngleksanakake kegiatan jalan sehat mengeti ambal warsa kaping 81 tahun kamardikan RI. Jumuah sore (14/08/2026).
Jalan sehat di leksanakan asil bareng para wartawan lan komunitas Social Sport Activity (SSA) kanthi irah-irahan "Jalan Sehat Mlampah Sore".
"Kegiyatan iki minangka rantaman acara pengetan dina ambal warsa kaping-81 tahun Republik Indonesia sing dileksanakake dening Hotel Horison Aziza Solo," pratelane General Manager Hotel Horison Aziza Solo, Marcelina.
Sadurunge, Marcelina uga ngandharake yen Hotel Horison Aziza Solo luwih dhisik ngenengake mawarna acara lomba, kaya dene lomba mangan kerupuk, lomba nggambar mural, lan lomba-lomba seru liyane.
Swasana regeng ing pengetan HUT RI kasebut pratelane, dadi agenda rutin saben taun kanggo njaga lan ngraketake tali silaturahmi saantarane para karyawan.
Di ajab bisa nguatake rasa gotong royong kanggo majuake Hotel Horison Aziza Solo. Amarga miturut Marcelina, kemajuwan sawijining usaha ora bakal bisa digayuh tanpa anane rasa bebarengan.
Jalan sehat njupuk rute kawasan wisata Kampung Batik Kauman, Keraton Kasunanan Surakarta, banjur ing pungkasan balik menyang Hotel Horison Aziza Solo.
Dene puncak pengetan HUT RI kaping-81 tahun ana ing Hotel Horison Aziza Solo bakal ditutup kanthi upacara pengibaran bendera lan uga pembagian hadiah kanggo para pemenang lomba. / Jk
.jpeg)