Masiya Durung Temtu Angkane, Nanging Purbaya Nampik Menawa Gaji Manajer KDMP Ngancik Tumeka Angka 16 yuta

 

Menkeu RI, Purbaya Yudi Sadewa/ Foto: Istimewa


Warta Anyar - Menteri Keuangan (Menkeu) Purbaya Yudhi Sadewa nampik kabar kang ngandhakake, menawa gaji manajer Koperasi Desa/Kelurahan (Kopdes) Merah Putih gunggung gedene ngancik tumeka angka Rp16 juta saben sasi. . 

Miturut kandhane gunggung kasebut pancen gede banget. 

Purbaya ngandharaken dene saka pawarta kang di tampa, gaji manajer KDMP ana ing kisaran Upah Minimum Provinsi (UMP) utawi malah rodo akeh sithik.

"Menawa Rp16 juta temtu keliru’ Ucape ngandhakake marang media briefing ing Kantor Kementerian Keuangan, Jakarta, Rebu (5/8) 

Nanging masiya kata ngunu, Purbaya nerangake deweke durung nampa angka final ngenani gaji kang arep di tetepake dening pemerintah.

Di tandhesake gedene ora nganti tumeka Rp16 juta.

Katerangan kasebut kanggo nampik warta ing sauntara wektu viral ana ing media sosial ngenani babagan gaji manajer Kopdes Merah Putih sing ngancik Rp16 juta saben sasi./ red