Dr. Anggoro Ngandharake Kurikulum Pawiyatan Adedasar Kebangsaan

Pangarsa Yayasan UNDHA AUB Surakarta, Dr. Anggoro Panji Nugroho, M.M


Pawiyatan - Pendidikan iku proses kang di rencanakake liwat tuntunan kanggo ngembangake potensi diri, kapribaden, sarta ngasah kepinteran saka akal pikire manungsa. Liwat saka proses pendidikan kasebut di karepake manungsa entuk piwulang kepinteran intelektual, saengga bisa nuwuhake generasi unggul minangka dadi agen perubahan kang bisa ngunggahake derajate bangsa lan negara ana ing dunia internasional.

Utamane mujudake cita cita mbrasto kebodohan sarta ndadhekake negara makmur sejahtera. Apik eleke generasi muda kang di cetak liwat dunia Pendidikan kabeh gumantung saka kurikulum system Pendidikan kang di anut. Mula saka iku, sistem pendidikan kang becik temtu ora mung ngajarake penalaran lan intelekteual, nanging emosional dan spiritual uga kudu mlebu ana ing system kurikulum Pendidikan.

Apa maneh ngadhepi tantangan jaman sansaya maju, manekawerna informasi bisa di akses masyarakat sacara bebas liwat internet. Kemajuan teknologi ora mung ndhadekake manfaat kanggo sakabahe keperluan urip, nanging kemajuan teknologi kasebut bisa dadi masalah menawa masyarakat ora bisa nggunakake media internet sacara bijak. Informasi ora bisa di tutupi, mawerna sumber informasi bisa dadi referensi, nanging uga bisa ngrusak maindset liwat berita hoaks.

Ideologi transnasional ngalir bebas, dol tinuku barang haram bisa di akses bebas lewat internet. Tundhane yen pemerintah ora menehi regulasi wewates kanggo akses informasi internet lan media sosial, generasi muda bisa rusak. Ora nduwe rasa tresna marang bangsa lan negara. Anut faham kebebasan adedasar demokrasi, transgender pinanggep lumrah, ora nduwe budaya isin sarta kelangan karakter lan jatidiri bangsa Nusantara kang njunjung nduwur budi pekerti sarta keluhuran.

Manekawerna carut marut dunia pendidikan sing terus gonta ganti kurikulum kasebut diandharake dening Ketua Yayasan Karya Dharma Pancasila Universitas Dharma AUB Surakarta (UNDHA AUB) , Dr. Anggoro Panji Nugroho, M.M., sing uga alumni angkatan ke 39 Lemhannas RI.

Miturut katerangane, pendidikan pinangka papan kapindho sawisé kulawarga nduweni pengaruh gedhe tumrap pambentukan pola pikir, mental, lan emosional generasi muda, mligini bocah bocah usia dini. Awit saka iku, kurikulum pendidikan kudu disusun kanthi sistematis sarta sesambungan. Kawiiwitan saka pendidikan anak usia dini nganti tumeka perguruan tinggi, kabeh kudu tersistematis sesambungan, saengga generasi sing di cetak bisa sejalan marang visi lan misi masa depan bangsa.

Dr. Anggoro Panji Nugroho mratelakake, wewangunan sumber daya manusia ora mung gumantung ana ing kecerdasan intelektual, nanging kudu diimbangi marang pembentukan karakter, emosional lan spiritual, amrih  generasi muda sanggup ngadhepi tantangan jaman. Siji generasi sajroning peradaban jaman iku kabentuk kurang luwih antara 20 nganthi tumeka 25 tahun. Ana ing proses pembentukan kasebut, keluarga, dunia Pendidikan lan lingkungan masyarakat, nduweni peran wigati ngasilake generasi unggul, cerdas lan martabat.

Keluwarga lan dunia pendidikan nduweni tanggung jawab gedhe kanggo mbentuk intelektual, emosional lan spiritual. Peran keluwarga menehi rasa tresna bahagia ana ing lingkungan keluwarga, dunia Pendidikan menehi asah intelektual liwat pawiyatan mawerna ilmu pengetahuan lan penalaran, sarta dadi omah kapindho menehi asuh lan asih. Kurikulum pendidikan kudu adhedhasar nilai-nilai kabangsaan, amrih para siswa nduweni pondasi kang kuwat bisa nyaring kebebasan informasi, sarta migunakake ilmu pengetahuan kanthi wicaksana.

Perkembangan teknologi lan arus informasi digital saiki  dadi tantangan tumrap generasi muda. Yen ora di imbangi pendidikan karakter, informasi bebas kasebut bisa ngrusak pola pikir sarta rasa nasionalisme. Kemajuan teknologi sawijining kabutuhan jaman sing ora bisa diendhani. Nanging kemajuan kasebut kudu bisa di kendaliake selaras marang nilai nilai budaya bangsa.

Anggoro ngandharake pentinge Bangsa Indonesia bali marang system pendidikan sing nate di tinggalake dening bapak pendidikan Ki Hajar Dewantara liwat sistem among kang ngutamakake katresnan, keteladanan, lan pembinaan karakter. Pendidikan apik iku pendidikan kang bisa imbang antara kecerdasan lan kepribadian. Jalaran wong pinter nanging ora nduweni kapribaden becik iku bisa nggawa potensi kerusakan, dene wong kang nduweni kapribaden nanging kurang intelektuale uga bakal angel ngadhepi tantangan jaman. Mula saka iku system Pendidikan sing apik kudu ngutamakake intelektual, emosional lan spiritual kanthi adedasar nilai nilai Pancasila kangge bernegara.

Di ajab saka kurikulum siji system kang ngutamake nilai nilai luhur budi pekerti lan ilmu pngetahuan, cita cita Indonesia Emas bisa mawujud. Kemakmuran lan kesejahteraan rakyat bisa di gayuh kanti cepet.

Bapak Pendidikan Indonesia, Ki Hajar Dewantara, uga nate ninggalake piwulang kanggo generasi bangsa mawujud piweling Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa,  Tut Wuri Handayani. Piwulang iki mratelake tumrape para pemimpin, pejabat, guru lan murid. Sapa wae pawongan sing dadi pemimpin kudu bisa menehi conto lan perilaku becik. Guru kudu bisa menehi tuladha marang muride. Pejabat kudu bisa menehi tuladha marang ngisorane. Pemimpin kudu bisa menehi tuladha marang rakyate. Kabeh perilaku, sikap lan omongane dadi patuladhan kanggo rakyate.

Semana uga sing diwenehi tuladha uga kudu bisa ngleksanake pakaryan sacara becik. Ngetutake apa kang dadi paprintahe pemimpin adedasar sikap perilaku lan keluhurane. Ki Hajar Dewantara nate nandhesake piwelinge, yen kiblat Pendidikan tanpa adedasar nilai kebangsaan, generasi bangsa bisa adoh saka rasa nasionalisme, tundhane malah bisa dadi musuh marang bangsane dewe./ Tok