Dt. (Cand) Drajat Jati Prakosa, S.E,.M.M
Pawiyatan - Pengetan dina ambal warsa kaping-81 Republik
Indonesia dikarepake bisa dadi pemantik semangat kanggo generasi muda anggone
jaga persatuan bangsa, Pancasila, Bhinneka Tunggal Ika, lan UUD 1945.
Babagan kasebut di kandhakek dening akademisi Universitas
Dharma AUB (UNDHA AUB) Surakarta sing uga tau sinau materi kebangsaan ana ing
Lembaga Ketahanan Nasional (Lemhannas) Angkatan kaping 39, Dr. (Cand) Drajat
Jati Prakosa, S.E., M.M.
Di kandhakake, beda panemu iku lumrah, nanging aja nganti
beda panemu didadekake alesan kanggo mecah belah persatuan lan kesatuan bangsa.
Saliyane babagan kasebut, Drajat uga nyoroti tantangan krisis moral sing
lagi diadhepi bangsa Indonesia wektu saiki.
Di terangake, kabeh kekurangan lan mawerna persoalan bangsa
kudu di adhepi lan di udari bebarengan. Jalaran generasi muda pinangka penemtu
masa depan bangsa, nduweni njejibahan nyekel tongkat estafet pembangunan tumuju
Indonesia Emas.
Mula saka iku generasi muda kudu pinter, unggul lan nduweni budi pekerti luhur.
Karakter kapribaden kasebut pinangka jati diri anggone njejaga saka manekawerna kebebasan pawartos sing kasebar bebas ana ing media sosial, sarta nduweni potensi ngrusak kapibaden.
Indonesia minangka negara majemuk kang sugih basa, tradisi
lan budaya, kudu dadi energi positif wewangun rasa toleransi umat
beragama, amrih anggone urip bermasyarakat ayem tentrem lan harmonis.
Wujud nyata peran sarta generasi muda nandur rasa
tresna marang bangsa lan negara di wujudake kanthi nyata dening civitas Universitas Dharma
AUB Surakarta, kang konsisten
nglebokake materi kebangsaan lan pangenalan lingkungan kampus ana ing kegiatan
Pengenalan Kehidupan Kampus bagi Mahasiswa Baru (PKKMB).
Lewat tetanen nilai-nilai kebangsaan kasebut dikarepake bisa dadi
pondasi kuat para mahasiswa nalika mlangkah lan nggayuh cita cita bhekti
marang masyarakat, Nusa lan Bangsa.
Generasi muda minangka calon pemimpin masa depan bangsa diajab ora mung wani kritis lan solutif ngadhepi mawerna masalah, nanging uga kudu nduwe
panemu visioner kanggo ngiseni
posisi-posisi strategis ana ing mangsa ngarep. / Tok
.jpeg)