Geguritan : Geni Pangreksa Jiwa

 

ikustrasi


GENI PANGREKSA JIWA

Dening: Zuly Kristanto 


Ing kene isih dakrantu tekamu

Supaya welas lan asihmu

Bisa dakgawe nguripi sumbu

Tresna lan kekarepanku

Kang nate kepaten angin wektu

 

Muga wae isih ana lenga kang kasisa

Supaya geni pangreksa jiwa

Bisa dadi srana kanggo gumregah

Ngupayakake ati bisa ngrasakake bungah

Ing satengahe jagad kang tansaya bubrah

 

Yen sliramu sida teka

Daksuwun sliramu aja bali lunga

Jalaran tanpa anane asmamu ing dhadha

Uripku  ing donya iki rinasa sepa

Lan iki mujudake panyiksa kang nyata


Tulungagung, 07/12/2024