Galih Wisnu Wardhana: Akademisi Lan YPBNN Nyambut Gawe Bareng Edukasi Upaya Pencegahan Bebaya Narkoba

 

Galih wisnu Wardhana, S.E,M.M

 

Pawiyatan – Akademisi Universitas Dharma AUB Surakarta (UNDHA AUB) sarta Pembina Yayasan Penanggulangan Bahaya Narkoba Nasional (YPBNN), Galih Wisnu Wardhana, S.E., M.M., ngandharake,  YPBNN ( Yayasan Penanggulangan Bahaya Narkoba Nasional ) diajab ora mung nguwatake upaya pencegahan kang uwis ditindakake dening Badan Narkotika Nasional (BNN) lan lembaga liyane, nanging uga dadi garda ngarep ana ing babagan edukasi marang masyarakat, mligine tumrap para generasi muda.

Miturut Galih, pencegahan paparan narkoba kudu ditindakake massif liwat edukasi kanggo bocah sekolah wiwit cilik ana ing ndonya pasinaon.

Kajaba katresnan lan panggulawenthah ana ing kulawarga, pawiyatan uga dadi papan kapindho kanggo mbangun benteng pertahanan diri tumrap ancaman narkotika.

“Pendhidhikan ora mung ngajarake disiplin lan ngasah kapinteran, nanging uga mbangun mental lan nalar para siswa supaya kuwat ngadhepi tantangan urip, kalebu bebaya narkoba,” Pratelane

Di terangake, anggone para akademisi UNDHA AUB Surakarta lan akademisi liyane menehi panyengkuyung ana ing YPBNN, jalaran minangka wujud nyata ngleksanakake Tri Dharma Perguruan Tinggi, mligine ana ing babagan pengabdian  masyarakat.

Semangat kolaborasi kasebut tumuju kanggo mbangun sumber daya manungsa sing pinunjul, martabat, serta bebas saka narkoba.

Galih nandhesake,  paparan narkoba ora mung ngrusak mental lan masa depan para mudha, nanging uga dadi ancaman masa depan bangsa.

Mula saka iku pencegahan ora bisa mung dipasrahake marang lembaga pamarentah, nanging kudu dadi tanggung jawab bebarengan antarane kulawarga, sekolah, kampus, lan kabeh unsur masyarakat.

Sawetara langkah strategis sing diusulake yaiki nyisipake materi bebaya narkoba ana ing kurikulum pendhidhikan.

Menehi piwulangan babagan hukum serta dampak sosial narkotika. Mbentuk Duta Anti Narkoba minangka pelopor kampanye urip sehat ana ing sekolah lan kampus, serta nguwatake pengawasan lingkungan kanthi sinergi antarane guru, wong tuwa, lan lembaga anti narkoba.

Akademisi minangka agen peribahan  nduweni tanggung jawab moral menehi literasi urip sehat marang masyarakat, supaya tuwuh kesadaran kolektif ngenani babagan bebaya narkoba.

Galih uga nyorot bebaya narkoba saka sudut pandang sejarah lan ketahanan nasional.

Dheweke ngandharake manawa narkoba bisa dadi piranti kanggo ngrusak sawijining bangsa tanpa kudu nggunakake perangkat militer.

Sejarah nyathet negara Tiongkok nate kedadeyan mundur nalika yutanan rakyat lan prajurité demen candu, saengga ndhadekake ekonomi ambruk, moral masyarakat rusak, lan kekuwatan pertahanan negara  ringkih.

Mula saka sujarah kasebut bisa di jupuk minangka kanggo piwulang, generasi muda Indonesia kudu nduweni ketahanan karakter supaya ora gampang kapapar narkoba./ Red