Rena Rena - Dol tinuku barang lawasan wetu iki dadi salah sijine pakaryan kang di demeni masyarakat ana ing pasar rosok lan komunitas. Ora nggagas wujude barang, ora nggagas produk jinise barang, apik elek ora dadi soal sing baku lawasan bisa payu di dol. Anggone tetukon bisa menyang pasar rosok, bakul oprokan utawa liwat komunitas ana ing media online. Barang lawas ora mung mligi produk premium kang sithik d idol menyang pasar umum, nanging produk taun 80 – 90an kang uwis langka ora di ethokake maneh klebu barang lawas sing laris menyang pasaran.
‘Kaya dene pamfet iklan rokok lan sabun sing digawe saka bahan gembreng utawa seng wesi’ Ujare Galih ngandhakake.
Ukurane pamlet kurang luwih seket ping telung puluh centimeter, jaman ndhisik kasebut iklan sabun. Biasane dening perusahaan, pamflet sabun lan rokok di templekake ana kios rokok lan tembok pasar. Di bandingake produk saiki temtu wae luwih awet iklan model pamflet seng. Bisa tahan cuaca nganti puluhan tahun. Mula saka iku ora gumunake, yen nganthi tumeka saiki isih akeh pawongan kang nduweni. Ngancik pertengahan taun 90an, iklan migunakake seng uwis ora usum maneh, diganti kain poster banjur cetak printing. Hasile pancen luwih apik, ora perlu migunakake cat semprot. Cukup di desain lewat computer asil sing di ethokake padha kelawan desaine.
Galih ngandhakake, kajaba iklan, piring asil hadiah tetukon rokok uga klebu barang lawasan kang payu d idol. Akeh barang lawasan sing payu di dol menyang pasar, ngunggung cacahe tumeka ewon lan yutanan yen di petung. Komik cerita silat lan dongeng, piring kuningan, korek pancal mubal, radio kuna, perangko, lan apa wae barang jadul kabeh payu d idol. Regane ora ana pathokake, gumantung saka akeh lan sithike barang. Yen jinise akeh regane murah, yen barange sithik regane larang.
Anggone koleksi barang lawasan Galih tetukon ana sapiturute pasar klithikan utawa menyang group komunitas jadul. Koleksine dagangan ana radio, mesin kopi jadul made in Jerman, mesin giling kopi kuna, teve lawas, reca, petromak, lampu lan manekawerna barang jadul liyane. Barang lawasan kang ukurane gede lan abot kayadene mesin kopi jadul, teve, pit kebo, pompa hidran kuna lan sapanunggalane, biasane di gunakake kanggo display café kopi utawa warang mangan. Siji lan sijine nduweni reregan manekawerna.
Hidran pompa lan mesin kopi gawean jerman regane lima tumeka sepuluh yuta. Teve jadul regane telungatus nganthi tumeka limang atus ewu, gumantung kondisi barange mati utawa urip. Timbangan kuna, jam lan lampu regane tumeka puluhan yuta. Mesin puter film kanggo bioskop jaman ndishik, wayang kayu, teleskop lan kompas kapal ana ing lapake uga ana.
‘ Mikroskop jadul kanggo fasilitias kedokteran jaman ndhisik uga ana, regane telung yuta setengah’ Imbuh Galih ana ing katerangane.
Golek barang lawasan miturut Galih gampang gampang susah. Mula saka iku kanggo nggugah asile lapak dodolan, barang barang gede sing jarang laku kaya dene hidran wesi, di rehab di wewangun anyar di dadhekake lampu utawa jam. Saengga nduweni manfaat kanggo dispay kedai lan café. Barang jadul sing uwis di rehab di dadhekake lampu utawa jam, regane bisa tumeka atusan yuta.h, Pasare dodolan ora mung ana wewengkon daerah nanging tumeka Bali, Bandung, Jakarta, Surabaya lan Medan. Ana uga pawongan mancanegara sing demen tetukon asil rehab barang jadul kanggo display interior.
Kanggone pawongan sugih duwit, tetukon barang lawasan biasane kanggo koleksi pribadi ana ing omahe. Babagan iki beda kelawan para pelapak yen ora nduwit, dagangane padha di banggelake menyang bakul liya. Regane luwih murah sing penting enthuk duwit kanggo nyukupi butuh. Dol tinuku barang lawasan antara pelapak siji lan sijine, biasane nduweni keahliane mligi ngenani babagan barang barang lawasan. Senadyan sacara umum manekawerna barang jadul kabeh pelapak demen tetukon.
Kaya dene Guntur, bakul lawasan asal Mojosongo, Solo, panggaweane mligi tetukon dokumen dokumen kuna lan jadul. Dokumen prejanjen jaman landa, jepang lan dokumen keraton di koleksi ana ing omahe. Layang pawarta jadul produk perjuangan sing isih migunakake aksara jawa lan latin kuna uga nduwe. Dokumen dokumen jadul asile tetukon menyang pasar lan pawongan sing padha dodolan menyang deweke. Yen di gunggung koleksine dokumen jadul kira kira tumeka atusan ewon. Nalika di resiki di tata ana kamar mligi dokumen, wektu telung sasi durung cukup kanggo nata.
Koran jadul sing uwis lapuk kertase, di wenehi lambaran samak utawa papan. Saengga nalika di buka halamane ora rusak. Suhu kamar kanggo nyimpen dokumen di atur lan di wenehi obat anti renget, saengga kertas ora gampang rusak. Kajaba mligi tetukon dokumen, Guntur uga nukoni barang lawasan kaya ta pedang sandangane prajurit keraton. Boneka kuna, manekawerna dolanan jadul, piringan hitam, telpon jadul, remot jadul. Ceting wadah sega, cap batik printing, bokor, lilin, kardus rokok, senter kuna, kendil lan sapanunggalane.
Salah siijine barang jadul sing isih di goleki yha iku stiker plombir. Barang iki pawujudane stiker di wenehi nomer register sing di ethokake dening Pemerintah Daerah. Nalika jaman orde baru, plombir di gunakake kanggo mratandani pit, becak lan andong. Regane wiwit selawe rupiah tumeka pitung puluh lima rupiah. Plombir kaya dene surat register surat tanda nomer kendaraan bermotor sing di ethokake nggo kawajib pajak setahun sepisan. Wernane ijo, kuning lan abang.
Nalika jaman orde baru isih kuwasa, Pemerintah Daerah liwat petugas Satpol PP saben dina tertemtu asring ngleksanakake operasi cegatan Sepeda, Becak lan andong. Sepeda, Becak lan Andong sing ora ana stikere plombir di cegat kongkon tetukon plombir. Yang ora nduwe duwit sepedane di tinggal di gawa Satpol PP menyang kantor. Saiki, stiker plombir dadi golekane para bakul lawasan menyang pasar jadul, jalaran ora akeh di ethokake pemerintah.
Komunitas bakul lawasan sing ana Solo ora mung di dominasi warga masyarakat lokal, nanging ana salah sijine warga neneka saka mancangera sing uwis suwe manggon netep urip ana Solo melu dodolan barang barang jadul lawasan. Pawongan iki miturut Guntur, pandemenane nglumpuke barang barang lawasan produk Jerman. Kandhane yen uwis nglumpuk akeh banjur di balikake maneh menyang negara Jerman.
Nanging barang barang jadul saliyane produk Jerman, didol maneh menyang lapak lawasan lan komunitas online. Merek mobil Mercedes benz lawas, berko lampu sepeda, wajan apem lan manekawerna barang jadul liyane dadi koleksi recekan ana ing bakulane para pelapak. Kaset pita, manekawerna duwit kepeng, laser disc, cangkir blirik, mangkok gembreng lan liyane akeh ditemoni ana pasar klithikan.
Logo bioskop Ura Patria Theatre, salah sijine bioskop kondang ing kutho Solo ing taun 80an uga bisa di temokake menyang lapak lawasan komunitas Selawe Soerakarta, seduluran antic selawase Surakarta. Nalika kondang taun wolung puluhan, gedung bioskop Ura Patria Theatre kawentar nayangake film film nasional. Nanging kairing lumakune jaman lan majune industry perfilman, gedung bioskop konvesional sing isih muter film migunakake rol film pada bangkrut. Saiki dadi kenangan kejayaane liwat barang barang sing padha di tinggalake ana lapak lawasan.
Barang bekas jadul tetilase industry perfilman Indonesia sing ana lapak barang lawasan, kaya dene radio tabung, gramapahone, lan perangkat rekaman duweke studio rekaman lokananta sing bisa nyeritakake sacara visual lelakune industry rekaman Indonesia. Nalika di dol ana lapak lawasan nyambut gawe bareng Lokananta lan Selawe Soerakarta, barang barang jadul saka Lokananta sebageyan gede kabeh isih isoh di uripake sacara tehnik. Isih bisa kanggo muter piringan hitam, cd lan kaset pita. Nalika diadegake taun 1956, sacara resmi Lokananta di daagandegake pabrik piringan hitam ana Indonesia. Lokananta dadi studio rekaman panyengkuyung Radio Republik Indonesia.
Tahun 1961 Lokananta focus ana ing usaha rekaman lagu lagu lan musik daerah adedasar PP No. 215/1961. Periode iki musik daerah sing nate di rekam saantarane Gamelan Setia Manah lan Klenengan Ganda Sekar saka Sunda. Orkes Dasarama Sulawesi, Lenatien lan sakanca kancane asal Sulawesi lan Sumatera, sarta lagu lagu daerah liyane. Taun 1965 tumeka 1966, Lokananta mindahake lagu judul Terang Bulan asil karya ciptaane Syaiful Bahri saka orkes studio Jakarta menyang piringan hitam.
Lokananta uga ngrilis lagu perjuangan wajib Indonesia Raya, Bagimu Negeri, Satu Nusa Satu Bangsa sarta Rayuan Pulau kelapa. Taun 70an Lokananta ngadopsi tehknologi rekaman kaset, jalaran produk piringan hitam mudun drastis. Saben sasi Lokananta bisa cetak kaset pita gunggung cacahe satus ewu lan konsentrasi ngasilake rekaman lagu lagu daerah mligi kebudayan Jawa. Lagu entit asil karyane Waljinah mratandani kejayaane jaman kaset ana Lokananta.
Taun 1983 Lokananta nate gawe unit penaggandaan film format pita magnetic mawujud Beta lan VHS. Jaman ndisik produk kaset iki kawentar kasebut kaset video. Nanging produk pita magnetic iki ora bisa nuthuk suwe, jalaran sumbere produk produk bajakan ana ing pasar negeri. Sacara umum sujarah perjalanan studio rekaman Lokananta saiki kasil ngethokake produk produk jadul dalam negeri sing akeh di buru para pelapak lawasan. Alat alat elektronik jadul sing isih migunakake tehnologi tube, akeh di temokake menyang Lokananta. Kaset lan piringan hitam jadul sing isih bisa di puter liwat gramophone lan tape konvensional kanyata isih akeh di temokake ana Lokananta.
Foto foto jadul waljinah, gambar Solo tempo doeloe, korek bensin, sendok porok lan pernik pernik lawas unik dadi jujugan pawongan tetukon. Siji reregan korek pancal mubal bahan bakar bensin, di wenehi reregan satus ewu rupiah. Rega iki kalipet lipet mundakake tinimbang rega asline. Mung wae sing ndadhekake larang regane, saiki uwis ora ana sing dodol. Beda korek beda foto, senadayan gambare jadul nanging isih akeh pawongan ngrepro nyetak maneh nganggo bahan kertas lawas saengga kathon jadul.
Cara ngrepro produk anyar di dadhekake lawas ora mung ana barang barang lawasan, nanging akeh produk antic jaman saiki akeh di gawe repro liwat proses pelawasan. Migunakake bahan kimia banjurdi pendem menyang njero lemah, asile dadi kaya barang antic. Barang anyar nanging model antiq uga payu ana pasar lawasan, kaya ta wacan filsafat sing di tulis ana papan kayu. Dolanan bocah model lawas sing digawe saka seng uga, payu d idol. Dolanan bocah lawasan wektu iki akeh di koleksi para kolektor mainan saka lokal lan mancanegara. Ragat duwit kanggo tetukon dolanan jadul relative cukup murah tinimbang dolanan modern jaman saiki. Mung wae asile koleksi dolanan menawa di dol menyang komunitas regane bisa tumeka sundul langit, amarga kuna lan ora ana tunggale.Durung maneh dolanane langka lan isih apik pawujudane bisa tumeka atusan yuta reregane./ Jud
