Rena- Rena -Gunggung cacah 20 Organisasi Masyarakat (Ormas) di kukuhake dening pangarsa Dewan Pembina Forum Masyarakat Indonesia Emas (FORMAS), Hashim Djojohadikusumo ana ing Aula Universitas Podomoro, Jakarta (7/8) Jemuah wengi.
Pengukuhan di leksanake kanggo nguwatake peran sarta
masyarakat sipil anggone ngawal program pemerintah mujudake cita cita Indonesia
Emas, sesarengan mengeti HUT kaping-2 FORMAS.
Di ajab kanthi tambahe anggota anyar kasebut, gunggunge
ormas kang uwis gabung ana ing FORMAS gunggung cacahe saiki ana 103 organisasi, kalebu Ikatan
Persaudaraan Haji Indonesia (IPHI).
Hashim nerangake, FORMAS nduweni cita cita kaya dene para
pendiri bangsa kanggo nyiptakake kesejahteraan rakyat lan njaga
keberlangsunganing Indonesia.
"Iku uga sing wis sumundhul ing jiwane Prabowo supaya
rakyat sejahtera lan Indonesia abadi. Piyambake keraos sedhih mirsani ana
rakyat sing durung Sejahtera. Mula saka iku, program MBG lair saka keprihatinan
supaya rakyate padha sehat," pratelane
Ketua Dewan Pakar FORMAS, Serian Wijatno, ngandhakake, konsolidasi kasebut dadi langkah nyata anggone
nguwatake peran ormas nyengkuyung lan ngawal program pembangunan pemerintah.
Mula saka iku, ujare maneh, ormas sing nyawiji ana ing
FORMAS ora kena mung dadi penonton pembangunan nasional, nanging kudu aktif
njaga persatuan lan menehi pamikir sing konstruktif.
Ketua Umum FORMAS, Yohanes Handojo Budhisedjati nambahi
katerangan Dewan Pakar, tambahe anggota
anyar kasebut tansaya nambah semangat perjuangan anggone ngawal kabijakan lan
program strategis pemerintah amrih bisa ngewahi lan ningkatake kesejahteraan
masyarakat./ Red
.jpg)